Tembung paramasastra miturut :
F Kamus Kawi-Indonesia (sank.= tertinggi,
utama, paling) sastra (buku pelajaran, ilmu pengetahuan, naskah),
F Kamus Jawa- Indonesia: ahli sastra.
Bapak Soetomo WE, Prof.,Dr. 2006 wonten ing Pelatihan
Pengembangan Kurikulum Bahasa Jawa SMA/SMK, Semarang, Dinas Pendidikan dan
Kebudayaan Jawa Tengah mratelakaken:
F Paramasastra saking tembung parama= endah/ngelmu,
sastra=serat/ngelmu.
F Dados ingkang winastan paramasastra inggih
punika sinau serat utawi ngelmu ingkang endah utawi sinau
serat ingkang edi peni .
Bab-bab kang kawedhar ing pasinaon
kiye kudu dingerteni supaya jumbuh karo
pamulangan basa Jawa jaman siki. Dene
buku sumbere saka Paramasastra Gagrag Anyar pangimpune Bapak S.S.T. Wisnu Sasangka.
Bab-bab kang diandharake kaya pratelan ing ngisor :
·
Widyaswara = fonologi
à (basa Jawa
Kuna) à saka tembung
widya (ilmu) lan swara (uni). Tegese ngelmu kang ngrembug bab swara
/ uni.
·
Widyatembung
= morfologi , tegese ngelmu kang ngrembug bab tembung, dumadine tembung
lan owahing tembung dadi tembung liya karana kawuwuhan imbuhan. Tembung iku
rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang ngemu teges lan
kasumurupan surasane.
·
Widyaukara =
sintaksis, tegese ngelmu kang ngrembug bab ukara (frasa, klausa).
·
Widyamakna = semantik,
tegese ngelmu kang ngrembug bab surasa/ arti/ teges.
* widyaswara, widyatembung,
widyaukara kudu nggatekake widyamakna sabab tanpa nggatekake widyamakna kabeh
kang karembug tanpa guna.
1.
Widyaswara
= fonologi à (basa Jawa Kuna) à saka tembung widya (ilmu) lan swara (uni).
Tegese ngelmu kang ngrembug bab swara / uni kang bisa mbedakake wujud lan
mbedakake teges . Tuladha:
Gilo - gila soto-sotho tuma - tuwa
Wedi - wedhi saba-sapa kudu - kuru
Swara kang bisa njalari sawijning
tembung dadi beda wujud lan tegese sinebut fonem. Tuladha
ing dhuwur kang mbedakake /o/ lan /a/; /t/ lan /th/ ; /m/ lan /w/ ; /d/ lan
/dh/ ; /b/ lan /p/ ; /d/ lan /r/.
Lira-liruning swara
swara kang ora njalari owah tegese sinebut alofon. Tuladha:
[titi?] - [titI?] titik. [jaguŋ] - [jagõŋ]
jagung
swara i cetha swara i kaya é
swara u cetha swara u kaya
o
Swara iku unine angion kang metu saka paru-paru lan kawedhar
saka jroning tutuk. Pametuning swara mau ana kang mawa pancadan gorokan,
cethak, ilat, untu, utawa lambe, lan ana uga kang ora nganggo pancadan apa-apa.
Adhedhasar pametuning swara, fonem basa Jawa bisa dibedakake dadi loro, yaiku vokal
lan konsonan
Obah-owahe swara
yaiku owahe swara ing sawijining tembung, nanging ora nganti ngowahi surasaning
tembung. Obah-owahe swara iku ana sing jalaran katambah swarane, kasuda swarane
lan ana uga swara kang pindhah panggonan. Istilah-istilah basa manca ing ngisor
kasilih amarga basa Jawa durung duwe tembung sing pada tegese.
protesis
Panambahing Swara epentesis
Paragog
Protesis yaiku tambahe swara ing wiwitane tembung kang ora
nganti ngowahi surasane tembung. Tuladhane: naning - ananing , jare -
ujare , ana - nana, ing -
ning
Epentesis yaiku tambahing swaqra ing tengah tembung.
Sanadyan ing tengah tembung tinambahan utawa diseseliu swara, surasaning
tembung ora nganti owah. Tuladha :
kambil - krambil akasa –
angkasa upama – umpama
Paragog yaiku tambahe swara ing pungkasaning
tembung, nanging surasane tembung ora nganti owah. Tuladha :
ora – orak ibu – ibuk dudu-duduk
aferesis
Panyudaning Swara sinkop
(abreviasi) apokop
Aferesis yaiku sudane swara ing wiwitane tembung, surasane
tembung ora nganti owah. Tuladha :
kakang - kang bapak
- pak bisa - isa simbah – mbah
panjenengan - njenengan dhateng - teng
Sinkop yaiku sudane swara ing tengah tembung, surasane tembung
ora nganti owah. Tuladha : sethithik
- sithik temenan - tenan dhuwit - dhit
Apokop yaiku sudaning swara ing pungkasaning tembung,
surasane tembung ora nganti owah. Tuladha : dhimas - dhi mbakyu - mbak
metatesis
Gesehing Swara
asimilasi
Metatesis owahe swara jalaran ijolan dununge swara. Sanadyan
ana swara kang pindhah papan, surasaning tembung ora owah utawa ajeg. Tuladha:
Wira-wirià riwa-riwi rontalà lontar
Desimilasi iku owahe swara jalaran ana swara kang padha.
Swara kang padha ing tembung mau banjur didadekake swara liya. Tuladha :
Lara-laraà lara-lapa rara irengà lara ireng sajjanaàsarjana cittaàcipta
Variasi bebas iku mujudake lira-liruning swara tanpa ngowahi
surasaning tembung. Variasi bebas kerep dumadi ing antaraning swara kang
nunggal asal. Upamane antarane swara /b/ lan /w/, /d/ lan /t/ sarta /k/ lan
/g/. Tuladha :
Bulan -
wulan bengi -
wengi bae - wae
dakjupu -
takjupuk daktuku-taktuku kegedhen -
gegedhen
Asimilasi iku
owah-owahing swara karana njumbuhake karo swara liyane kang ana ing tembung
iku. Tuladha : upama - umpama.
2.
Widyatembung
= morfologi , tegese ngelmu kang ngrembug bab tembung,
dumadine tembung lan owahing tembung dadi tembung liya karana kawuwuhan
imbuhan. Tembung iku rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang
ngemu teges lan kasumurupan surasane.
Tembung Lingga utawa kata asal (kata dasar) yaiku tembung kang
isih wutuh kang durung rinaketan wuwuhan/imbuhan apa-apa. Tembung lingga bisa kagolongake wujud bebas (bentuk bebas).
Sawanda
( satu suku
kata)
|
Rong wanda
( dua suku
kata)
|
Telung wanda
( tiga suku
kata)
|
Gong
Bom
Las
tik
|
Pari
Pitik
Amben
wajan
|
Rekasa
Kulina
Kapiran
padharan
|
Tembung Andhahan = kata jadian yaiku tembung sing wus owah saka linggane amarga kawuwuhi imbuhan. Ana uga kang ngandhakake yen tembung andhahan
iku tembung lingga kang wis dirimbag.
Pangrimbage tembung lingga dadi tembung andhahan iku kanthi muwuhake
imbuhan ing ngarep, buri, utawa ing tengahe tembung lingga. Kabeh imbuhan iku kalebu wujud terikat
(bentuk terikat). Imbuhan utawa afiks
basa Jawa wujude ana papat, yaiku ater – ater, seselan, panambang, lan
imbuhan bebarengan.
Ater – ater ikuimbuhan kang dununge ing kiwaning tembung utawa ing ngarep tembung. Ing
ngelmu basa ater-ater lumrah sinebut awalan utawa prefik. Ater-ater
basa Jawa cacahe ana pirang-pirang, yaiku ater-ater anuswara, ater-ater a-,
ka-, ke-, di-, sa-, pa anuswara-, pi-, pri-, pra-, tar-, kuma-, kami-, kapi-. Ater-ater
iku panulise tansah sumambung utawa tansah gandheng karo tembung linggane.
1)
Ater –
ater Anuswara
Anuswara utawa swara irung (nasal)
ing basa Jawa bisa dadi ater-ater. Ater-ater anuswara utawa ater-ater A- iki
meh padha karo awalan meng- (me-N) basa Indonesia. Tembung lingga kang
purwane aksara p,w,t,th,c,k, lan s yen diwuwuhan ater-ater A-,
aksara p,w,t,th,c,k, lan s
luluh.
Tuladha :
m- + pacul à macul
n- + pecok à mecok
ng- + keplak à ngeplak
ny + sambel à nyambel
Ing basa rinengga (ragam susastra),
ater-ater A- kala mangsane dadi am- (ham-), an- (han), ang- (hang)
lan any- (hany-).
mbalang à ambalang
(hambalang)
nuthuk à anuthuk (hanuthuk)
nglumpuk à anglumpuk (hanglumpuk)
nyapu à anyapu (hanyapu)
Yen sumambung karo tembung lingga kang sawanda wujude
ater-ater ng- malih dadi nge-. Tuladha :
ng- + dol à ngedol
ng- + cet à ngecet
ng- + lap à ngelap
Ater-ater anuswara duwe kabisan ngowahi jinising
tembung dadi tembung kriya utawa tembung kaanan/ watak (sifat). Tuladha :
m- + pecut à mecut tembung aranà tembung kriya
n- + tajin à najin
ng- + garong à nggarong
ny + sapu à nyapu
m- + banyu à mbanyu tembung aranàtembung kaanan
n- + jamur à njamur
ng- + kebo à ngebo
2)
Ater – ater a-
Ater-ater a- kang sumambung ing tembung
lingga ngemu teges nganggo lan duwe , ater-ater ma- ngemu
teges nindakake pakaryan.
a- + wujud à awujud duwe wujud
a- + klambi à aklambi nganggo
klambi
ma- + guru à maguru
mer + dhukunà merdhukun
3)
Ater – ater maA-
utawa (maN-)
Ater – ater maA- utawa ma anuswara iki bisa
malih dadi man-, mang-, utawa many- gumantung aksara kawiwitane tembung
ndapuk tembung kriya.
maA- + wetan à mangetan menyang ngetan
maA + tunggal à manunggal dadi tunggal/dadi siji
4)
Ater – ater ka-
Ater-ater ka- uga sinebut bawa ka, ndhapuk
tembung dadi tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) manawa sumambung ing
tembung lingga ngemu teges nindakake pakaryan karana disengaja.
Ing basa Indonesia ater-ater ka- padha karo awalan di-
ka- + jupuk à kajupuk
ka + gawa à kagawa
5)
Ater – ater ke-
Ater-ater ke- bisa andhapuk sawijining
tembung dadi tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) manawa sumambung
ing tembung lingga ngemu teges nindakake pakaryan karana ora disengaja.
Ing basa Indonesia, ater-ater ke- padha karo awalan ter-.
ke- + jepit à kejepit
ke- + siram à kesiram
ke- + antem à kantem
Yen sumambung ing tembung lingga kang purwane b,d,dh,
lan g terkadhang lira-liru (bervariasi) karo ge-. Tuladha :
kebuntel ~ gebuntel
kedudut ~ gedudut
kedhudhah ~ gedhudhah
kegedhen ~ gegedhen
6)
Ater – ater di-
(dipun-)
Ater-ater di-, ndhapuk sawijining tembung
dadi tembung kriya tanggap (kata kerja pasif). Ing basa krama ater-ater di-
malih dadi dipun-, panulise kagandheng.
di- + balang à dibalang
dipun- + waos à dipunwaos
7)
Ater – ater sa-
Ater-ater sa-, ndhapuk tembung lingga dadi
tembung wilangan (numeralia). Ater-ater sa- kadhang malih dadi se- /
sak-.
sa- + gelas à sagelas ~ segelas
sa- + wengi à sawengi ~ sakwengi
8)
Ater – ater pa-
Anuswara
Ater-ater pa- anuswara lumrah riningkes
dadi paA- utawa paN- (pa nasal). Ater-ater kasebut ndhapuk
tembung lingga dadi tembung aran (kata benda). Wujude ater-ater paA- : pa-,
pam-,pan-,pang-,pany- kadhang dadi pem-,pen-,peng-. Ing basa
Indonesia meh padha karo peng-.
pa- + warta à pawarta
pa- + enget à paenget à penget
pa- + ukum(-an) à paukum(an)
pam- + priksa à pamriksa
9)
Ater – ater pi-
Tembung lingga kang diater-ateri pi-
panulise ajeg lan ndapuk dadi tembung aran duwe teges sing di-.
pi- + andel à piandel
pi- + wulang à piwulang
10) Ater – ater pra-
Ater-ater pra- kadhang malih dadi pre- yen
sumambung tembung lingga ndapuk tembung aran.
pra- + lambang à
pralambang~ prelambang
pra- + jurit à prajurit ~ prejurit
* tembung lingga telung wanda prakosa,
prawasa, prayogi, prasaja.
11) Ater – ater pri-
Ater-ater pri- ngowahi tembung lingga dadi
tembung aran, gunggunge (jumlah) winates.
pri- + angga à priangga
pri- + bumi à pribumi
F tembung lingga telung wanda pribadi
12) Ater – ater tar-
Ater-ater tar- bisa ndhapuk tembung lingga
dadi tembung kriya lan tembung katrangan. Yen sumambung tembung lingga malih
dadi ter-.
tar- + kadhang à tarkadhang ~
terkadhang
tar- + buka à tarbuka ~
terbuka
13) Ater – kuma-, kami-, lan kapi-
Ater – kuma-, kami-, lan kapi- sinebut bawa
kuma- jalaran tembung lingga kang rinaketan ater-ater kasebut mesthi
dadi tembung watak (kaanan).
kuma- + lancang à
kumalancang (kumlancang)
kami- + tetep(en) à
kamitetep(en)
kapi + adreng à kapiadreng
Seselan utawa sisipan yaiku
imbuhan kang kadunungake ing tengah tembung, cacahe ana papat, yaiku –um,-in,
-er(-er-)-el.
1)
Seselan –um-
Sinebut bawa ma jalaran yen diseselake ing
tembung lingga apurwa vokal, seselan –um- malih dadi m- lan
dumunung ing ngarep tembung.
udhun + (-um-) à umudhun à mudhun
ulur + (-um) à umulur à mulur
Tembung lingga kang purwane aksara p + -um-, aksara
p malih dadi k dene aksara b malih dadi g la seselan
–um- malih dadi –em-.
pinter + (-um-) à puminter à kuminter ~keminter
panggang+ (-um-) à pumanggangà kumanggang ~kemanggang
bagus + (-um-) à bumagus à gumagus ~gemagus
brebeg + (-um) à bumrebeg à gumrebeg ~gemrebeg
Seselan –um- kang sumambung ing tembung
lingga kajaba bisa ndhapuk tembung kriya (kriya tanduk tanpa lesan) uga bisa
ndhapuk tembung sifat/ kaanan/ watak.
laku + (-um-) à lumaku tembung kriya
kenthus+ (-um-) à kumenthus tembung sifat/kaanan/watak
2)
Seselan –in-
Yen sumambung ing tembung lingga kang apurwa
vokal, seselan –in- malih dadi ing- lan dununge ing ngarep
tembung maknane padha karo ater-ater di-. Seselan –in- ingaranan tanggap
na, jalaran tembung lingga kang diseseli –in mesthi malih dadi
tembung kriya tanggap.
antem + (-in-) à inantem à ingantem
incim + (-in-) à inincim à ingincim
ucek + (-in-) à inucek à ingucek
eman + (-in-) à ineman à ingeman
obong + (-in-) à inobong à ingobong
Yen purwane awujud konsonan ora ngalami
owah-owahan.
Sawang + (-in) à sinawang
pecut + (-in-) à pinecut ‘dipecut’
3)
Seselan –er-
lan –el-
Seselan –er- lan –el- kadhang malih
dadi –r- , -l- , gunggunge winates.
gandhul + (-er-) à gerandhul à grandhul
kelip + (-er-) à kerelip à krelip
kepyur + (-el-) à kelepyur à klepyur
titi + (-el-) à teliti à tliti
Panambang yaiku imbuhan sing
dumunung ing buri tembung (akhiran). Panulise kudu sumambung rapet karo tembung
kang ana sisih kiwane/ ora kena kapisah. Gunggunge panambang ing Basa Jawa akeh
banget, kayata: -i, -a, -e, -en, -an, -na, -ana, -ane, -ake.
1)
Panambang –i
Panambang –i sumambung tembung lingga kang
pungkasane vokal malih dadi-ni manawa kang pungkasane konsonan ora ana
owah-owahan. Tembung kang dipanambangi –i mesthi malih dadi tembung
kriya, duwe teges pakon/ hagnya.
tamba + -i à tambai à tambani akon supaya nambani
gebug + -i à gebugi à gebugi akon supaya nggebug
2)
Panambang –a
Tembung lingga + -a pangucape muncul swara w
lan p, nanging panulise ora katulis nganggo w/p. Saben
tembung lingga diwuwuhi panambang –a umume dadi tembung kriya lan duwe
teges pakon, saupama/sanadyan, pangarep-arep.
tuku + -a à tukua pangucape muncul swara w
‘tegese akon supaya tuku’
bali + -a à balia pangucape
muncul swara y
‘tegese
akon supaya bali’
bagus + -a à bagusa ‘saupama/sanajan
bagus’
udan + -a à udana ‘ngarep-arep
supaya udan’
3)
Panambang –e
(-ipun)
Panambang –e (-ipun) ndapuk tembung lingga
dadi dadi tembung aran (nomina). Tembung
lingga kang pungkasane vokal –e dadi –ne, -ipun dadi
–nipun. Manawa pungkasane konsonan ajeg ora owah.
dara + -e à darae à darane
joged + -e à jogede
asta + -ipun à astaipun à astanipun
tindak + -ipun à tindakipun
4)
Panambang –en
Panambang –en bisa sumambung ing tembung
lingga kang wekasane vokal malih dadi –nen manawa tumempel ing konsonan
konsonan ajeg.
cacing + -en à cacingen
isi + -en à isien à isinen
sate + -en à sateen à satenen
gawa + -en à gawanen
*panambang –en kajaba ndhapuk tembung
kriya, uga bisa ndhapuk tembung kaanan/ watak. Tembung lingga kang kawuwuhan
panambang –en malih dadi tembung kaanan diarani tembung guna. Tuladha
:
plenthingen cacingen wudunen kreminen mimisen
5)
Panambang –an
joged + -an à jogedan
andhuk + -an à andhukan
gawe + -an à gawean
sore + -an à sarean
Panambang –an yen kasambung ing tembung
kang wekasane awujud vokal mesthi ngalami owah-owahan utawa ngalami persandhian,
yaiku :
...u + -an à on
...i + -an à en
...e + -an à en
...a + -an à an
tuku + -an à tukuan à tukon
lali + -an à lalian à lalen
duwe + -an à duwean à duwen
kanca + -an à kancaan à kancan
Panambang –an yen sumambung ing tembung
lingga bisa ndhapuk tembung aran duwe teges piranti kanggo, papan/panggonan,
sing di-. Tuladha :
timbangan piranti kanggo nimbang
kauman panggonan kaum/santri
panganan sing dipangan
Panambang –an yen sumambung ing tembung
lingga bisa ndhapuk tembung kriya duwe teges nganggo. Tuladha :
kemulan nganggo kemul
sarungan nganggo sarung
Panambang –an ndhapuk tembung kaanan duwe
teges ngandhakake kaanan. Tuladha:
isinan bingungan apikan gugupan nesunan
6)
Panambang –na
jupuk + -na à jupukna
gawe + -na à gawena à gawekna
takon + -na à takonna à takokna
takon ~ takok + -na à takokna
takokna
‘akon supaya nakokake
7)
Panambang –ana
Tembung lingga kang pungkasane awujud vokal/ wanda
menga + -ana malih dadi –nana manawa pungkasane awujud konsonan
ajeg ora owah. Tembung lingga + -ana/-nana mesthi dadi tembung kriya lan
ngemu teges pakon utawa sanadyan di-
kanca + -ana à kancaana à kancanana
damu + -ana à damuana à damonana
raup + -ana à raupana
wisuh + -ana à wisuhana
8)
Panambang –ane
Tembung lingga kang pungkasane awujud vokal/ wanda
menga + -ane malih dadi –nane manawa pungkasane awujud konsonan
ajeg ora owah. Tembung lingga + -ana/-nana mesthi dadi tembung aran lan ngemu teges anggone.
tamba + -ane à tambaane à tambanane
gebug + -ane à gebugane
* kang nyebal ora ateges anggone
: kakekane, trondholane, edanane
9)
Panambang –ake
(-aken)
Tembung lingga kang pungkasane awujud vokal/ wanda
menga + -ake malih dadi –kake manawa pungkasane awujud konsonan
ajeg ora owah.
turu + -ake à turuake à turokake
tulis + -ake à tulisake
beta + -aken à betaaken à betakaken
serat + -aken à serataken
* diwancah :
Turokake ~ turoke
tulisake ~ tuliske
Imbuhan Bebarengan Rumaket
Ater-ater lan lan panambang kaimbuhake kanthi bebarengan ora kena
kapethil-pethil.
1)
Imbuhan ka-
-an uga sinebut bawawacaka
ka- + raharja + -an à karaharjan
ka- + bledhos + -an à kabledhosan
ka- -an kadhang malih dadi ke- -an à kabledhosan ~ kebledhosan
2)
Imbuhan ke-
-en ndhapuk tembung aran mula uga
sinebut adiguna, ngemu teges banget.
ke- + cilik + -en à keciliken banget cilike
kem- + pinggir + -en à keminggiren
ken- + dhangak + -en à kendhangaken
keng- + kulon + -en à kengulonen
keny- + crongat + -en à kenyrongaten
3)
Imbuhan pa(A)-
-an
pa- + pring + -an à papringan
pa- + awu + -an à pawon
pam- + wulang + -an à pamulangan
pan- + dhelik + -an à pandhelikan
pang- + urip + -an à panguripan
pany- + jujug +
-an à panyjujugan
*ing buku – buku kuna imbuhan pa-...-an sinebut daya wacaka dene
imbuhan pam/pan/pang/pany-...-an sinebut karana wacaka
4)
Imbuhan pra-
-an
pra- + desa + -an à pradesan
pra- + sanak + -a à prasanakan
pra- + janji + -an à prajanjen
*imbuhan kasebut kalebu imbuhan kang kurang produktif, yen sumambung ing
tembung lingga umume mratelakake bab papan/panggonan utawa padha...
Imbuhan Bebarengan Renggang iku
imbuhan kang awujud ater – ater lan panambang kang kasambungake ing tembung
lingga ora bebarengan (tidak serentak)
1)
Imbuhan A- -i
(Anuswara- -i)
Imbuhan A- -i sumambung ing tembung lingga bakal
ndapuk tembung kriya, mula sinebut i kriya, ngemu teges nindakake
pakaryan bola – bali.
m- + lumpat + -i à mlumpati
2)
Imbuhan A- -a
(Anuswara- -a)
Nduwe teges akon marang wong liya supaya nindakake
pakaryan utawa duwe teges sanadyan (kontradiktif)
n- + tangis + -a à nangisa
3)
Imbuhan A-
-ake (Anuswara- -ake)
Nduwe teges nganggo/ndadekake/njalari sawijining
bab (kausatif) utawa nindakake pakaryan kanggo wong liya (benefaktif)
ng- + keplak + -ake à ngeplakake
ngeplakake ~ ngeplakke
4)
Imbuhan A-
-ana (Anuswara- -ana)
Nduwe teges akon supaya nindakaken pakaryan utawa
sanadyan...
ny- + cedhak + -ana à nyedhakana
5)
Imbuhan A- -e
(Anuswara- -e)
Nduwe teges anggone...
m- + laku + -e à mlakune
6)
Imbuhan di-
-i
Nduwe teges nindakake pakaryan nganti makaping -
kaping
di- + thithil + -i à dithithili
7)
Imbuhan di-
-a
Nduwe teges sanadyan nindakake pakaryan/sanajan
di...
di- + asah + -a à diasaha
8)
Imbuhan di-
-ana
Nduwe teges sanadyan di...i
di- + jotos + -ana à dijotosana
*sanadyan dijotosi nganti bola - bali
9)
Imbuhan di-
-ake
Nduwe teges wong liya nindakake pakaryan kanggo
awake dewe
di- + wales + -ake à diwalesake
10) Imbuhan (-in-) –an/-ake/-ana
gambar + (-in-)
-an à ginambaran à digambari
sambung + (-in-)
-ake à sinambungake à disambungake
tangis + (-in-)
-ana à tinangisana à
ditangisana
*seselan (-in-) lan panambang ana kang sumambung
ing tembung lingga nduwe teges sanadyan di...i
11) Imbuhan (-um-) –a
Akon supaya nindakaken pakaryan
singkir + (-um-)
-a à sumingkira
12) Imbuhan sa- -e
Kang sumambung ing tembung lingga bakal ndapuk
tembung katrangan lan nduwe teges nganti... karo... lan padha karo...
sa- + cilik + -e à sacilike
sa- + lawuh + -e à salawuhe
3. Widyaukara = sintaksis, kalebu perangane paramasastra kang ngrembug bab ukara. Kajaba
ngrembug bab ukara, uga ngrembug bab frasa lan klausa. Tembung frasa lan klausa
disilih amarga basa Jawa durung duwe gegantine tembung iku.
Frasa utawa kelompok kata duwe tandha-tandha:
Ø Drajate dumunung ing antarane tembung lan klausa.
Ø Dumadi saka rong tembung utawa luwih.
Ø Tembung-tembung kang kadhapuk ing frasa
urut-urutane ora kena ngluwihi wasesa.
Ø Dumadi saka inti ( perangan diterangake)
lan atributif (perangan kang nerangake inti).
Frasa bisa dijembarake kanthi nambah
tembung iku, iki, kae, lan kuwi ing sisih tengene frasa kasebut.
Tembung sing utawa kang kang uga bisa kasisipake ing antarane tembung-tembung
kang dadi perangane frasa. Tuladha:
Frasa dumadi saka Inti (perangan kang diterangake) lan Atribut (perangan
kang nerangake inti). Urutan frasa ing basa Jawa bisa à I -A / A -I.
Frasa
Inti Atributif
Omah
anyar
Frasa
Inti atributtif
frasa aran
inti atributif
relator poros
omah sing anyar iku
Klausa yaiku rerangkening tembung kang bisa ngudhar sawijining gagasan utawa
sawijining bab. Ing pacelathon utawa ing paguneman, klausa iku kudu ana
wasesane (predikat). Ing basa tulis, klausa saora-orane dumadi saka jejer
(subjek) lan wasesa (predikat), uga bisa dadi ukara .
Klausa
J W
Frasa Aran Frasa
Kriya
bapak lan ibu arep tindak
Ing basa tulis, kawitane klausa ora
katulis nganggo aksara murda (kapital) lan ora kapungkasi tandha titik, koma,
titik koma, tandha seru, utawa tandha pitakon.
Ukara iku mujudake rerangkening tembung-tembung
kang bisa ngudharakae sawijining karep ganep sabab lan pangrangkene tembung
nganggo pranatan kang wus gumathok.
Tandha-tandhane ukara:
- Bisa madeg dhewe.
- Saora-orane dumadi saka sa-klausa (1 jejer lan 1 wasesa).
- Ing basa tulis wiwitane ukara katulis mawa aksara murda lan wekasane mawa tanda titik, koma, titik koma, tandha seru, sarta tandha pitakon.
- Ana laguning pocapan/ intonasi.
Ukara
Klausa 1 Klausa
2
aku sinau adhiku
malah dolanan
Aku sinau,
adhiku malah dolan.
J W J W
•
Aku sinau. (klausa, ukara)
•
malah dolan (frasa kriya)
•
Adhiku
malah dolanan. (klausa, ukara)
•
Aku sinau, adhiku malah
dolanan (ukara)
Ukara Tanduk (kalimat
aktif) ukara kang
wasesane awujud tembung kriya tanduk. Tembung kriya kang dadi wasesane ing
ukara tanduk padatan nggunakake wuwuhan/imbuhan:
Ø anuswara (m-, n-, ng-, ny-)
Ø Panambang –i / -ke
Ø Jejer ing ukara tanduk biasane nindakake
pakaryan/ dadi paraga.
Ø Lesan ing ukara tanduk dadi sasaran.
Tuladha Ukara
Widarti /nyangking/ ember.
Gopang /nggawe /dolanan.
Jumina /mbungkus/ sarung.
Pak Suta ndhudhuk lemah.
Bu Wiwin /ndukani /putrane.
Mahendra/ nukokake/ adhine/ dolanan.
Siman /ngilangke/ sandale Sidan.
Hari /mblesekke/ dhuwite/ ing sak buri.
Tembung-tembung kang kacithak
miring ing tuladha dhuwur awujud tembung kriya tanduk lan dadi wasesane ukara .
Wasesa kasebut mbutuhake lesan, mula uga sinebut kriya tanduk mawa lesan/
kriya tanduk transitif. Tanpa lesan, ukara kasebut ora gramatikal.Tuladha:
Widarti /nyangking / Ø
Gopang /nggawe / Ø
Jumina /mbungkus / Ø
Pak Suta /ndhudhuk / Ø
Bu Wiwin /ndukani / Ø
Tembung kriya tanduk kang ora merlokake anane
lesan sinebut kriya tanduk tanpa lesan utawa kriya tanduk intransitif. Tuladha:
Mas Senthot /ngguyu.
Adhiku /nangis.
Mas Karya /ngrokoki.
Suteja /mringis.
Pitike /ngendhog.
Ukara Tanggap
Ukara kang wasesane awujud tembung kriya tanggap.
Jejer, dadi sasaran/ dikenani pakaryan. Wasesa, migunakake tembung kriya kang
kawuwuhi ater-ater di-, ka-, seselan –in. Ukara ergatig, ukara tanggap
kang wasesane awujud dak- , ko- + tembung kriya.
Tuladha :
Adhiku diseneni Pak Guru
Layang iki katulis nalika ing Jakarta.
Simbah tinimbalan Gusti .
Gajah Mada winisuda dadi patih.
Duren kuwi daktukune bae!
Wasesa, migunakake tembung kriya kang kawuwuhi ater-ater di-, ka-,
seselan –in
Ukara tanduk mawa lesan menawa didadekake ukara tanggap,lesan ing ukara
tanggap owah dadi jejer ing ukara tanduk lan tembung kriya tanduk ing wasesa
owah dadi tembung kriya tanggap.
Tuladha:
ð Kangmasku arep nonton wayang kulit.
ð Wayang kulit arep ditonton
Kangmasku.
Ukara tanggap ora duwe
lesan,sebab sing jeneng lesan mesthi
bisa dadi jejer ing ukara tanggap. Yen ora bisa dadi jejer ing ukara tanggap,
perangan kasebut mbok menawa geganep.
v Kangmasku arep nonton wayang kulit.
v Wayang kulit arep ditonton Kangmasku.
v Kangmasku arep ditonton wayang kulit.
v Kangmasku arep katonton wayang kulit.
v Kangmasku arep tinonton wayang kulit.
Ukara lamba iku dumadi saka klausa, tegese ukara kasebut mung dumadi saka jejer
lan wasesa sarta bisa ditambah lesan, geganep, utawa panerang. Tuladha :
v Suminah // ngguyu ngakak
J W.
v Pilihan lurah kuwi // dianggep ora sah
J W.
v Paklikku // wingi // kelangan // jaket
J P W Gg.
Ukara camboran, ukara kang dumadi saka rong klausa utawa luwih
/ jejer lan wasesane luwih saka siji.
Tuladha :
Dhewekke teka nalika aku lagi mangan.
J W J W
Sing masak mbakyuku
lan sing asah-asah adhiku
W J W J
Ukara camboran bisa kabedakake dadi loro yaiku
camboran sajajar lan camboran ungsun.
Ukara Camboran Sajajar (kalimat majemuk sederajat)/ klausa
koordinatif yaiku ukara kang dumadi saka rong klausa utawa luwih. Klausa-klausa
iku digabung dadi siji kanthi nggunakake tembung panggandheng / tandha koma.klausa
kang ana ing ukara camboran sajajar kabeh awujud klausa inti. Yen ing ukara
camboran sajajar ana jejer kang
padha, jejer kapindho bisa didhelikake (dielipskan).
Haryanti kuwi // dudu guru nanging dhokter
puskesmas
Tembung panggandheng kang asring dienggo yaiku : lan,
sarta, nanging, ning, dene, wondene, banjur, terus, utawa, utawi, lajeng,
miwah, tur, saha, malah, apa, nuli.
Ukara Camboran Susun (kalimat majemuk bertingkat) utawa klausa
subordinatif yaiku ukara kang dumadi saka rong klausa utawa luwih, nanging
antarane klausa siji lan sijine ana kang nguwasani la nana uga kang dikuwasani.
Klausa kang nguwasani arane klausa pang/ anak kalimat. Klausa
pang tansah gumantung marang klausa inti, nanging klausa inti ora gumantung
marang klausa pang. Tuladha :
Mbak Yuli ora mangkat kerja jalaran lara mriyang.
Klausa inti klausa pang
Sanadyan diwehi sangu aku ora bisa teka.
Klausa pang klausa
inti
Tembung panggandheng ing ukara camboran susun sinebut subordinator .
Kang kalebu subordinator yaiku : sabab, karana, jalaran, sanadyan, nalika,
rikala, yen, menawa, murih, supaya, marang, awit, kanthi, mula, kaya, amarga,
saupama, karo, kalihan/ kaliyan, manut, lan miturut.
Warna-Warnaning Ukara
Adhedhasar surasane, ukara
basa Jawa bisa kapilah-pilah dadi lima, yaiku : ukara carita, ukara pakon, ukara pitakon,
ukara sambawa, lan ukara sananta .
1)
Ukara Carita utawa kalimat
berita yaiku ukara kang isine
nyritakake utawa ngandhakake sawijining bab utawa sawijining prastawa marang
wong liya. Tuladha :
Saben wulan April ing Banyumas nganakake
kirap pusaka kanggo mengeti ambal warsa Kabupaten Banyumas.
2)
Ukara Pakon kalimat
perintah utawa imperatif
yaiku ukara kang surasane awujud pakon utawa perintah marang wong liya supaya
nindakake sawijining bab/ pakaryan kaya sing dikarepake sing kongkon. Wujude
pakon werna-werna :
Ø Ukara pakon lumrah
Awas sing ngati-ati!
Wis enggal digarap!
Ø Ukara pakon pamenging
Kowe ora kena dolan yen durung sinau.
Bocah sekolah ora pareng ngrokok.
Ø Ukara pakon pangajak
Sadurunge kawiwitan ayo padha ngeningake
cipta.
Yen kepengin makmur, kowe kudu jujur.
Ø Ukara pakon panantang
Antemen yen pancen kowe wani.
Yen nyata kendel, turua ing kuburan.
Ø Ukara pakon paminta
Adhimu mbok diwarahi nulis aksara Jawa.
Dhik, tulung cendelane ditutup bae.
3)
Ukara Pitakon utawa kalimat
tanya yaiku ukara kang isine awujud pitakonan, nggunakake tembung pitakonan
apa, piye, pripun, kadospundi, sinten, sapa, pira, pinten, ing ngendi,
wonten pundi, coba, cobi, kapan, lan kala menapa. Ukara pitakon
kapilah-pilah :
Ø Ukara pitakon lumrah
Paramasastra kuwi apa ta tegese?
Saiki wis jam pira, Gik?
Ø Ukara pitakon kang ora perlu wangsulan
(retoris)
Sapa kang ora kepingin munggah ing kelas
iki?
Ø Pitakon paminta
Kadospundi menawi panjenengan tindak
rumiyin?
4)
Ukara Sambawa iku
ukara kang isine awujud pangarep-arep, saupama lan sanadyan.
Ukara iki racake migunakake tembung-tembung kang kawuwuhi imbuhan –a utawa
–ana. Tuladha :
Udana sing deres ben tanduranku subur.
Sugiha dhuwit aku rak wis gawe omah.
Dakkandhanana bola-bali ya ora tau digugu.
5)
Ukara Sananta yaiku
ukara kang isine niyat, karep, utawa sedya ananging kang duwe
sedya mau awake dhewe. Mesthi bae ukara iki durung kalakon jalaran isih awujud
niyat.
Kareben munggah sekolah, aku kudu sinau
mempeng.
Tinimbang ndomblong dakreresik buri omah.
4.Widyamakna = semantik, tegese
ngelmu kang ngrembug bab surasa/ arti/ teges.
Tuladha ukara kang strukture bener nanging ora tinampa nalar.
Becak // mbalang // uwong. Jumadi // mbalang // becak.
J W
L J W L
Tuladha ukara kang strukture bener lan tinampa nalar.
Pari // mangan // pitik. Pitike // mangan // pari.
J W L J W L
Kang karembug ing
widyamakna : sinonim, antonim, homonim, hiponimi, polisemi, ambiguitas,
jinising makna.
- Sinonim yaiku rong tembung utawa luwih kang wujud lan panulise beda, nanging duwe teges padha/ meh padha.
Bocah kuwi jenenge sapa?
Bocah kuwi arane sapa?
Sinonim basa Jawa gunggunge akeh banget,
luwih-luwih antarane tembung ngoko, krama, krama inggil : turu – tilem –
sare; mangan – nedha – dhahar, lunga – kesah – tindak lsp.
- Antonim yaiku tembung/ frasa/ ukara kang duwe teges walikan.
Mati uripku dak pasrahake Gusti Allah.
Klambi lurik kang anyar iku >< Klambi lurik kang ora anyar.
- Homonim, yaiku tembung siji kang tulisan lan pangucape padha nanging maknane beda.
Pak Carik ngukuri lemah-lemah ing desa.
Kowe aja ngukuri weteng bae!
F
Homofon
yaiku rong tembung utawa
luwih kang unine padha nanging tegese beda.
Mas, adhimu parabane sapa?
Dhik, nyuwun tulung surate panjenengan parap dhisik.
F
Homograf
yaiku rong tembung utawa
luwih kang padha panulise nanging beda tegese.
Anak kucing jenenge cemeng.
Ingkang cemeng punika menapa, Dhik?
- Hiponimi kalebu tembung kang tegese kaanggep dadi perangane tembung liya, utawa surasane tembung iku ana ing panguwasane tembung liya (superordinat)
Warna :
abang, ijo, kuning, biru,
Kewan :
sapi, kebo macan, jaran,
kucing
Kembang :
mawar, melati, anggrek,
kenanga
- Polisemi iku mujudake tembung kang ngemu teges/ duwe teges luwih saka siji. Polisemi bakal dingerteni karepe manawa tembung kasebut dumunung ing ukara.
Adhiku lagi bae babaran ing rumah sakit.
Bathik iki babaran Banyumasan
Panjenengan sampun nate tindak Owabong?
Prayoginipun sampun lenggah wonten mriku,
Mbakyu!
- Ambiguitas iku tembung, frasa utawa ukara kang mangro teges, surasane angel dingerteni.
Wetengku suduken.
Buta kae suduken nganggo
keris!
- Jinising makna
F
Mringkus
Tembung wisudha biyen
ngemu teges suci, bening, pangkate diunggahake. saiki mung dadi
pangkate/ drajate diunggahake.
Tembung sujana biyen
ngemu teges wong kang pinter/ linuwih, cubriya/ cemburu, siki dadi cubriya/
cemburu.
F
Melar :kembangà wong kang ayu amplopà sogok/suap
F
Geseh :premanà gentho/penjahat
F
Kognitif/deskriptif/denotatif:
nuduhake
anane sesambungan antarane gagasan kang ana ing pikiran/ konsep lan kasunyatan.
Tetembungane lugas, blaka suta lan surasanr apa anane
Tuladha: Wedhus gembel kae duwekke sapa?
F
Konotatif : nuduhake manawa surasaning tembung/frasa ora kaya
kang ana ing tembung kasebut nanging duwe teges liya. Tuladha: Suliyah dadi kembang
desa.
F
Leksikal
& Gramatikal: makna sawijining tembung nalika isih mandhireng
pribadi/ bebas. Makna leksikal ora gumantung ing ukara lan kudu ditonton ing
kamus (bausastra)
Sumber: Paramastra Gagrak
Anyar, S.S.T. Wisnu Sasangka
Tidak ada komentar:
Posting Komentar