JENIS-JENIS PARAGRAF
WACAN
NARASI (NYRITAKAKE)
Wacan naratif yaiku wacan kang mbudidaya nyritakake prastawa
utawa kedadeyan kaya - kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe
prastawa mau. Utawa wacan kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak
ing sajroning prastawa, kang winates ing sajroning wektu. wacana narasi iku
adate mentingake urutan lan biyasane ana tokoh ing sajroning crita.
Wacana Narasi ana warna loro :
1. Narasi Ekspositoris yaiku wacana kang mung menehi
katrangan lugu/apa anane.
Tuladha :
Jam enem Darmi mangkat enyang pasar arep kulakan. teane ngisor wit trembesi dicegat Darmo lan dijaluk dhompete. Darmi mbengok, Darmo bingung terus njupuk watu dithuthukake sirahe Darmi. Darmi tiba klenger, dipindhoni dithuthuk watu maneh. Ngerti yen Darmi mati, Darmo mlayu ngiprit.
1. Narasi Ekspositoris yaiku wacana kang mung menehi
katrangan lugu/apa anane.
Tuladha :
Jam enem Darmi mangkat enyang pasar arep kulakan. teane ngisor wit trembesi dicegat Darmo lan dijaluk dhompete. Darmi mbengok, Darmo bingung terus njupuk watu dithuthukake sirahe Darmi. Darmi tiba klenger, dipindhoni dithuthuk watu maneh. Ngerti yen Darmi mati, Darmo mlayu ngiprit.
2. Narasi Sugestif
Narasi sugestif yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen - angene wong kang maca.
Narasi sugestif yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen - angene wong kang maca.
Tuladha :
Dongeng ( Aji saka )
Cerkak (crita cekak)
Novel ( Ronggeng Dhukuh Paruk)
WACANA
DISKRIPTIF (NGGAMBARAKE).
Wacana Diskriptif yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha
salah sawijining kahanan (objek), objek mau kaya - kaya ana ngarepe wong kang
maca.
Tuladha :
Lemari wesi kelir klawu, kang mapan ana pojok kantor guru, wis rusak. Lawange wis ora bisa diinepake, tur teyengen sisan. Rak- rakane ya wis padha peyok. Mula ya wis ora kuwat nyangga buku - buku utawa piranti liyane kang arep disimpen ana kono.
Tuladha :
Lemari wesi kelir klawu, kang mapan ana pojok kantor guru, wis rusak. Lawange wis ora bisa diinepake, tur teyengen sisan. Rak- rakane ya wis padha peyok. Mula ya wis ora kuwat nyangga buku - buku utawa piranti liyane kang arep disimpen ana kono.
WACANA
EKSPOSISI (NYRITAKAKE PROSES)
Wacana
eksposisi adate digunakake kanggo mbabarake pengetahuan / ilmu, definisi,
pengertian, langkah - langkah sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses
dumadine sawijining prastawa utawa bab.
Carane nggawe calung
Carane
nggawe batik tulis
Carane
nggawe wayang kulit
Carane
nggawe sandal bandol
Carane
nggawe gula klapa
Ngupakara
awak rikala waras/sehat
Ngupakara
awak rikala mriang/sakit
Ngupakara
wong tuwa mriang/gerah
Ngupakara
wong tuwa tilar donya
Ngupakara
kuburane wong tuwa
WACANA ARGUMENTASI (PANEMU)
Wacana argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya kanggo
ngowahi panemune wong liya, supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo
kang dikarepake panulis/ kang ngomong.
Tuladha
: BASA JAWA LAN BUDI PAKARTI
Basa
Jawa menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge
tuladhanipun, lare ingkang nyinau basa Jawi boten kraos ugi pikantuk pelajaran
budi pakarti. Paling boten, lare menika saged mangertosi babagan unggah-ungguh
ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan budi pakarti.
Lare-lare kala wau badhe langkung ngajeni tumrap tiyang sanes, kaliyan tiyang
ingkang dipunjak micanten, ugi langkung ngajeni tiyang ingkang l langkung sepuh
saking piyambakipun.
Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi,
wonten kathah sanget bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti,
etika, moral, ingkang sejatosipun sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia.
Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut kapribaden
manungsa ing Indonesia. Tegesipun, sedaya ingkang sae, ingkang endah ing
pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi. Isi lan unenipun
tetembungan menika saged dipunpahami kaliyan bangsa Indonesia.
Kangge tuladhanipun inggih menika bebasan: gemi, nastiti,
ngati-ati. Gemi menika ateges mboten boros, manungsa menika boten pareng
boros wonten gesangipun, amargi boros menika kalebet tumindak ingkang mBoten
sae. Nastiti menika ateges boten nyedhak kaliyan babagan ingkang angel,
dados manungsa menika boten usah kangelan anggenipun ngadhepi gesang menika,
nanging kedah usaha kemawon. Ngati-ati menika ateges ngedohaken awakipun
saking tumindak ingkang ala (boten sae/klentu), manungsa
WACANA
PERSUASI ( PANGAJAK).
Paragrap persuasi iku sambugane saka kembangane saka
paragrap argumentasi. persuasi sepisanan ngandharake gagasan nganggo alesan,
bukti, utawa tuladha kanggo nyakinanke pamaos. banjur dibarengi nganggo ajakan,
bujukan ,rayuan, imbauan utawa saran marang pamaos. bedane paragrap argumentasi
lan paragrap persuasi. paragrap argumentasi kang dadi bakune yaiku salah benere
gagasan / pendapat. nek paragrap persuasi ngarep - arep supaya pamaos melu karo
kekarepane panulis.
Praktik pidato iku gedhe banget mupangate. Saben praktik
pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling nyengsemake ati. Saya kulina
anggone praktik pidato, saya akeh pengalaman batin kang diduweni. Saka
pengalaman batin mau pamicara nemokake cara - cara pidato sing efektif lan
nyenengake.
Wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat
kanggo mangun rasa percaya dhiri. Yen rasa percaya dhiri mau wis gedhe,
pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha ( kaya rasa isin ),
wedi lan grogi. Percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo ngayuh
keberhasilan pidato. Mula supaya mahir lan trampil pidato, panjengan kudu
nglakoni praktik pidato.