Liana Arum Purwitasari

tanpa tanda jasa
SELAMAT DATANG DI BLOG LIANA ARUM PURWITASARI

Selasa, 10 Juli 2012

JENIS-JENIS PARAGRAF


JENIS-JENIS PARAGRAF
  WACAN NARASI (NYRITAKAKE)
Wacan naratif yaiku wacan kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya - kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Utawa wacan kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang winates ing sajroning wektu. wacana narasi iku adate mentingake urutan lan biyasane ana tokoh ing sajroning crita.
Wacana Narasi ana warna loro :
1. Narasi Ekspositoris yaiku wacana kang mung menehi
katrangan lugu/apa anane.
Tuladha :
Jam enem Darmi mangkat enyang pasar arep kulakan. teane ngisor wit trembesi dicegat Darmo lan dijaluk dhompete. Darmi mbengok, Darmo bingung terus njupuk watu dithuthukake sirahe Darmi. Darmi tiba klenger, dipindhoni dithuthuk watu maneh. Ngerti yen Darmi mati, Darmo mlayu ngiprit.
2. Narasi Sugestif
Narasi sugestif yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen - angene wong kang maca.
Tuladha :
Dongeng ( Aji saka )
Cerkak (crita cekak)
Novel ( Ronggeng Dhukuh Paruk)
  WACANA DISKRIPTIF (NGGAMBARAKE).
Wacana Diskriptif yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha salah sawijining kahanan (objek), objek mau kaya - kaya ana ngarepe wong kang maca.
Tuladha :
Lemari wesi kelir klawu, kang mapan ana pojok kantor guru, wis rusak. Lawange wis ora bisa diinepake, tur teyengen sisan. Rak- rakane ya wis padha peyok. Mula ya wis ora kuwat nyangga buku - buku utawa piranti liyane kang arep disimpen ana kono.
  WACANA EKSPOSISI (NYRITAKAKE PROSES)
  Wacana eksposisi adate digunakake kanggo mbabarake pengetahuan / ilmu, definisi, pengertian, langkah - langkah sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadine sawijining prastawa utawa bab.
   Carane nggawe calung
  Carane nggawe batik tulis                           
  Carane nggawe wayang kulit                     
  Carane nggawe sandal bandol                   
  Carane nggawe gula klapa                           
  Ngupakara awak rikala waras/sehat
  Ngupakara awak rikala mriang/sakit
  Ngupakara wong tuwa mriang/gerah
  Ngupakara wong tuwa tilar donya
  Ngupakara kuburane wong tuwa

WACANA ARGUMENTASI (PANEMU)
Wacana argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi panemune wong liya, supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepake panulis/ kang ngomong.
  Tuladha : BASA JAWA LAN BUDI PAKARTI
                                Basa Jawa menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge tuladhanipun, lare ingkang nyinau basa Jawi boten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti. Paling boten, lare menika saged mangertosi babagan unggah-ungguh ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan budi pakarti. Lare-lare kala wau badhe langkung ngajeni tumrap tiyang sanes, kaliyan tiyang ingkang dipunjak micanten, ugi langkung ngajeni tiyang ingkang l langkung sepuh saking piyambakipun.
Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut kapribaden manungsa ing Indonesia. Tegesipun, sedaya ingkang sae, ingkang endah ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi. Isi lan unenipun tetembungan menika saged dipunpahami kaliyan bangsa Indonesia.
Kangge tuladhanipun inggih menika bebasan: gemi, nastiti, ngati-ati. Gemi menika ateges mboten boros, manungsa menika boten pareng boros wonten gesangipun, amargi boros menika kalebet tumindak ingkang mBoten sae. Nastiti menika ateges boten nyedhak kaliyan babagan ingkang angel, dados manungsa menika boten usah kangelan anggenipun ngadhepi gesang menika, nanging kedah usaha kemawon. Ngati-ati menika ateges ngedohaken awakipun saking tumindak ingkang ala (boten sae/klentu), manungsa

  WACANA PERSUASI ( PANGAJAK).
Paragrap persuasi iku sambugane saka kembangane saka paragrap argumentasi. persuasi sepisanan ngandharake gagasan nganggo alesan, bukti, utawa tuladha kanggo nyakinanke pamaos. banjur dibarengi nganggo ajakan, bujukan ,rayuan, imbauan utawa saran marang pamaos. bedane paragrap argumentasi lan paragrap persuasi. paragrap argumentasi kang dadi bakune yaiku salah benere gagasan / pendapat. nek paragrap persuasi ngarep - arep supaya pamaos melu karo kekarepane panulis.
Praktik pidato iku gedhe banget mupangate. Saben praktik pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling nyengsemake ati. Saya kulina anggone praktik pidato, saya akeh pengalaman batin kang diduweni. Saka pengalaman batin mau pamicara nemokake cara - cara pidato sing efektif lan nyenengake.
Wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. Yen rasa percaya dhiri mau wis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha ( kaya rasa isin ), wedi lan grogi. Percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo ngayuh keberhasilan pidato. Mula supaya mahir lan trampil pidato, panjengan kudu nglakoni praktik pidato.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar