Liana Arum Purwitasari

tanpa tanda jasa
SELAMAT DATANG DI BLOG LIANA ARUM PURWITASARI

Minggu, 24 Agustus 2014


Tembung paramasastra miturut :
F Kamus Kawi-Indonesia (sank.= tertinggi, utama, paling) sastra (buku pelajaran, ilmu pengetahuan, naskah),
F Kamus Jawa- Indonesia:  ahli sastra.
Bapak Soetomo WE, Prof.,Dr. 2006 wonten ing Pelatihan Pengembangan Kurikulum Bahasa Jawa SMA/SMK, Semarang, Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Jawa Tengah mratelakaken:
F Paramasastra saking tembung parama= endah/ngelmu, sastra=serat/ngelmu.
F Dados ingkang winastan paramasastra inggih punika sinau serat utawi ngelmu ingkang endah utawi sinau serat ingkang edi peni .
Bab-bab kang kawedhar ing pasinaon kiye kudu dingerteni supaya  jumbuh karo pamulangan basa Jawa  jaman siki. Dene buku  sumbere saka  Paramasastra Gagrag Anyar  pangimpune Bapak S.S.T. Wisnu Sasangka. Bab-bab kang diandharake kaya pratelan ing ngisor :
·         Widyaswara = fonologi à (basa Jawa Kuna) à saka tembung widya (ilmu) lan swara (uni). Tegese ngelmu kang ngrembug bab swara / uni.
·         Widyatembung = morfologi , tegese ngelmu kang ngrembug bab tembung, dumadine tembung lan owahing tembung dadi tembung liya karana kawuwuhan imbuhan. Tembung iku rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang ngemu teges lan kasumurupan surasane. 
·         Widyaukara = sintaksis, tegese ngelmu kang ngrembug bab ukara (frasa, klausa).
·         Widyamakna = semantik, tegese ngelmu kang ngrembug bab surasa/ arti/ teges.

* widyaswara, widyatembung, widyaukara kudu nggatekake widyamakna sabab tanpa nggatekake widyamakna kabeh kang karembug tanpa guna.

1.      Widyaswara = fonologi à (basa Jawa Kuna) à saka tembung widya (ilmu) lan swara (uni). Tegese ngelmu kang ngrembug bab swara / uni kang bisa mbedakake wujud lan mbedakake teges . Tuladha:
Gilo     -           gila                  soto-sotho       tuma    -           tuwa
Wedi   -           wedhi              saba-sapa         kudu    -           kuru
Swara kang bisa njalari sawijning tembung dadi beda wujud lan tegese sinebut fonem. Tuladha ing dhuwur kang mbedakake /o/ lan /a/; /t/ lan /th/ ; /m/ lan /w/ ; /d/ lan /dh/ ; /b/ lan /p/ ; /d/ lan /r/.
Lira-liruning swara swara kang ora njalari owah tegese sinebut alofon. Tuladha:
[titi?]   -                       [titI?]   titik.                 [jaguŋ]            -           [jagõŋ] jagung
swara i cetha               swara i kaya é      swara u cetha          swara u kaya o                       
Swara iku unine angion kang metu saka paru-paru lan kawedhar saka jroning tutuk. Pametuning swara mau ana kang mawa pancadan gorokan, cethak, ilat, untu, utawa lambe, lan ana uga kang ora nganggo pancadan apa-apa. Adhedhasar pametuning swara, fonem basa Jawa bisa dibedakake dadi loro, yaiku vokal lan konsonan
Obah-owahe swara yaiku owahe swara ing sawijining tembung, nanging ora nganti ngowahi surasaning tembung. Obah-owahe swara iku ana sing jalaran katambah swarane, kasuda swarane lan ana uga swara kang pindhah panggonan. Istilah-istilah basa manca ing ngisor kasilih amarga basa Jawa durung duwe tembung sing pada tegese.
protesis
Panambahing Swara                epentesis
Paragog
Protesis yaiku tambahe swara ing wiwitane tembung kang ora nganti ngowahi surasane tembung. Tuladhane: naning -  ananing , jare   -   ujare , ana   - nana,  ing   - ning
Epentesis yaiku tambahing swaqra ing tengah tembung. Sanadyan ing tengah tembung tinambahan utawa diseseliu swara, surasaning tembung ora nganti owah. Tuladha :
kambil - krambil          akasa – angkasa          upama – umpama
Paragog yaiku tambahe swara ing pungkasaning tembung, nanging surasane tembung ora nganti owah. Tuladha :
ora – orak       ibu – ibuk        dudu-duduk  
                                                aferesis
Panyudaning Swara                sinkop
(abreviasi)                               apokop
Aferesis yaiku sudane swara ing wiwitane tembung, surasane tembung ora nganti owah. Tuladha :
kakang  - kang    bapak  - pak             bisa  -  isa        simbah – mbah
panjenengan  - njenengan       dhateng  -  teng
Sinkop yaiku sudane swara ing tengah tembung, surasane tembung ora nganti owah. Tuladha : sethithik  -  sithik    temenan  -  tenan         dhuwit  - dhit
Apokop yaiku sudaning swara ing pungkasaning tembung, surasane tembung ora nganti owah. Tuladha : dhimas  - dhi               mbakyu  - mbak
                                    metatesis
Gesehing Swara
                                    asimilasi
Metatesis owahe swara jalaran ijolan dununge swara. Sanadyan ana swara kang pindhah papan, surasaning tembung ora owah utawa ajeg. Tuladha:
Wira-wirià riwa-riwi             rontalà lontar
Desimilasi iku owahe swara jalaran ana swara kang padha. Swara kang padha ing tembung mau banjur didadekake swara liya. Tuladha :
Lara-laraà lara-lapa   rara irengà lara ireng    sajjanaàsarjana       cittaàcipta
Variasi bebas iku mujudake lira-liruning swara tanpa ngowahi surasaning tembung. Variasi bebas kerep dumadi ing antaraning swara kang nunggal asal. Upamane antarane swara /b/ lan /w/, /d/ lan /t/ sarta /k/ lan /g/. Tuladha :
Bulan  -  wulan            bengi  -  wengi             bae  -  wae  
dakjupu  -  takjupuk                 daktuku-taktuku           kegedhen  -  gegedhen
Asimilasi  iku owah-owahing swara karana njumbuhake karo swara liyane kang ana ing tembung iku. Tuladha : upama  -  umpama.
2.      Widyatembung = morfologi , tegese ngelmu kang ngrembug bab tembung, dumadine tembung lan owahing tembung dadi tembung liya karana kawuwuhan imbuhan. Tembung iku rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang ngemu teges lan kasumurupan surasane. 

Tembung Lingga utawa kata asal (kata dasar) yaiku tembung kang isih wutuh kang durung rinaketan wuwuhan/imbuhan apa-apa. Tembung lingga  bisa kagolongake wujud bebas (bentuk bebas).
Sawanda
( satu suku kata)
Rong wanda
( dua suku kata)
Telung wanda
( tiga suku kata)
Gong
Bom
Las
tik
Pari
Pitik
Amben
wajan
Rekasa
Kulina
Kapiran
padharan

Tembung Andhahan = kata jadian yaiku tembung sing wus owah saka linggane amarga kawuwuhi imbuhan.  Ana uga kang ngandhakake yen tembung andhahan iku tembung lingga kang wis dirimbag.  Pangrimbage tembung lingga dadi tembung andhahan iku kanthi muwuhake imbuhan ing ngarep, buri, utawa ing tengahe tembung lingga.  Kabeh imbuhan iku kalebu wujud terikat (bentuk terikat).  Imbuhan utawa afiks basa Jawa wujude ana papat, yaiku ater – ater, seselan, panambang, lan imbuhan bebarengan.

Ater – ater ikuimbuhan kang dununge ing kiwaning tembung utawa ing ngarep tembung. Ing ngelmu basa ater-ater lumrah sinebut awalan utawa prefik. Ater-ater basa Jawa cacahe ana pirang-pirang, yaiku ater-ater anuswara, ater-ater a-, ka-, ke-, di-, sa-, pa anuswara-, pi-, pri-, pra-, tar-, kuma-, kami-, kapi-. Ater-ater iku panulise tansah sumambung utawa tansah gandheng karo tembung linggane.

1)      Ater – ater Anuswara
Anuswara utawa swara irung (nasal) ing basa Jawa bisa dadi ater-ater. Ater-ater anuswara utawa ater-ater A- iki meh padha karo awalan meng- (me-N) basa Indonesia. Tembung lingga kang purwane aksara p,w,t,th,c,k, lan s yen diwuwuhan ater-ater A-, aksara  p,w,t,th,c,k, lan s luluh.
Tuladha :
m-        +          pacul    à  macul
n-         +          pecok   à  mecok
ng-       +          keplak  à  ngeplak
ny        +          sambel à  nyambel

Ing basa rinengga (ragam susastra), ater-ater A- kala mangsane dadi am- (ham-), an- (han), ang- (hang) lan any- (hany-).
            mbalang           à  ambalang (hambalang)
nuthuk             à  anuthuk (hanuthuk)
nglumpuk        à  anglumpuk (hanglumpuk)
nyapu              à  anyapu (hanyapu)

Yen sumambung karo tembung lingga kang sawanda wujude ater-ater ng- malih dadi nge-. Tuladha :
ng-       +          dol       à  ngedol
ng-       +          cet       à ngecet
ng-       +          lap       à ngelap

Ater-ater anuswara duwe kabisan ngowahi jinising tembung dadi tembung kriya utawa tembung kaanan/ watak (sifat). Tuladha :
m-        +          pecut   à  mecut        tembung aranà tembung kriya
n-         +          tajin     à  najin
ng-       +          garong à  nggarong
ny        +          sapu     à  nyapu
m-        +          banyu  à  mbanyu     tembung aranàtembung kaanan
n-         +          jamur   à  njamur
ng-       +          kebo    à  ngebo

2)      Ater – ater a-
Ater-ater a- kang sumambung ing tembung lingga ngemu teges nganggo lan duwe , ater-ater ma- ngemu teges nindakake pakaryan.
a-   +          wujud  à  awujud      duwe wujud
a-   +          klambi à aklambi       nganggo klambi
ma-            +          guru     à  maguru     
mer            +          dhukunà  merdhukun

3)      Ater – ater maA- utawa (maN-)
Ater – ater maA- utawa ma anuswara iki bisa malih dadi man-, mang-, utawa many- gumantung aksara kawiwitane tembung ndapuk tembung kriya.
maA-         +          wetan  à  mangetan               menyang ngetan
maA          +          tunggal            à  manunggal             dadi tunggal/dadi siji

4)      Ater – ater ka-
Ater-ater ka- uga sinebut bawa ka, ndhapuk tembung dadi tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) manawa sumambung ing tembung lingga ngemu teges nindakake pakaryan karana disengaja. Ing basa Indonesia ater-ater ka- padha karo awalan di-
ka-       +          jupuk   à  kajupuk
ka        +          gawa    à kagawa




5)      Ater – ater ke-
Ater-ater ke- bisa andhapuk sawijining tembung dadi tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) manawa sumambung ing tembung lingga ngemu teges nindakake pakaryan karana ora disengaja. Ing basa Indonesia, ater-ater ke- padha karo awalan ter-.
ke-       +          jepit     à  kejepit
ke-       +          siram    à  kesiram
ke-       +          antem  à  kantem

Yen sumambung ing tembung lingga kang purwane b,d,dh, lan g terkadhang lira-liru (bervariasi) karo ge-. Tuladha :
kebuntel          ~  gebuntel
kedudut           ~  gedudut
kedhudhah      ~  gedhudhah
kegedhen         ~  gegedhen

6)      Ater – ater di- (dipun-)
Ater-ater di-, ndhapuk sawijining tembung dadi tembung kriya tanggap (kata kerja pasif). Ing basa krama ater-ater di- malih dadi dipun-, panulise kagandheng.
di-        +          balang  à  dibalang
dipun-  +          waos    à  dipunwaos

7)      Ater – ater sa-
Ater-ater sa-, ndhapuk tembung lingga dadi tembung wilangan (numeralia). Ater-ater sa- kadhang malih dadi se- / sak-.
sa-        +          gelas    à  sagelas       ~  segelas
sa-        +          wengi  à  sawengi     ~ sakwengi

8)      Ater – ater pa- Anuswara
Ater-ater pa- anuswara lumrah riningkes dadi paA- utawa paN- (pa nasal). Ater-ater kasebut ndhapuk tembung lingga dadi tembung aran (kata benda). Wujude ater-ater paA- : pa-, pam-,pan-,pang-,pany- kadhang dadi pem-,pen-,peng-. Ing basa Indonesia meh padha karo peng-.
pa-       +          warta   à  pawarta
pa-       +          enget   à  paenget      à penget
pa-       +          ukum(-an)        à  paukum(an)
pam-    +          priksa   à  pamriksa

9)      Ater – ater pi-
Tembung lingga kang diater-ateri pi- panulise ajeg lan ndapuk dadi tembung aran duwe teges sing di-.
pi-        +          andel   à  piandel
pi-        +          wulang            à piwulang

10)  Ater – ater pra-
Ater-ater pra- kadhang malih dadi pre- yen sumambung tembung lingga ndapuk tembung aran.
pra-      +          lambang           à  pralambang~  prelambang
pra-      +          jurit                  à prajurit        ~ prejurit
            *  tembung lingga telung wanda prakosa, prawasa, prayogi, prasaja.

11)  Ater – ater pri-
Ater-ater pri- ngowahi tembung lingga dadi tembung aran, gunggunge (jumlah) winates.
pri-       +          angga   à  priangga
                        pri-       +          bumi    à pribumi

F tembung lingga telung wanda pribadi

12)  Ater – ater tar-
Ater-ater tar- bisa ndhapuk tembung lingga dadi tembung kriya lan tembung katrangan. Yen sumambung tembung lingga malih dadi ter-.
tar-       +          kadhang          à  tarkadhang            ~  terkadhang
                        tar-       +          buka                à tarbuka       ~ terbuka

13)  Ater – kuma-, kami-, lan kapi-
Ater – kuma-, kami-, lan kapi- sinebut bawa kuma- jalaran tembung lingga kang rinaketan ater-ater kasebut mesthi dadi tembung watak (kaanan).
kuma-  +          lancang            à  kumalancang (kumlancang)
kami-   +          tetep(en)          à  kamitetep(en)
kapi     +          adreng             à  kapiadreng

Seselan utawa sisipan yaiku imbuhan kang kadunungake ing tengah tembung, cacahe ana papat, yaiku –um,-in, -er(-er-)-el.

1)      Seselan –um-
Sinebut bawa ma jalaran yen diseselake ing tembung lingga apurwa vokal, seselan –um- malih dadi m- lan dumunung ing ngarep tembung.
udhun  +          (-um-)  à  umudhun   à  mudhun
ulur      +          (-um)   à umulur        à mulur

Tembung lingga kang purwane aksara p + -um-, aksara p malih dadi k dene aksara b malih dadi g la seselan –um- malih dadi –em-.
pinter   +          (-um-)  à  puminter    à  kuminter                ~keminter
panggang+      (-um-)  à pumanggangà kumanggang         ~kemanggang
bagus   +          (-um-)  à  bumagus    à  gumagus                ~gemagus
brebeg +          (-um)   à bumrebeg   à gumrebeg               ~gemrebeg

Seselan –um- kang sumambung ing tembung lingga kajaba bisa ndhapuk tembung kriya (kriya tanduk tanpa lesan) uga bisa ndhapuk tembung sifat/ kaanan/ watak.
laku     +          (-um-)  à  lumaku                  tembung kriya
kenthus+         (-um-)  à  kumenthus             tembung sifat/kaanan/watak

2)      Seselan –in-
Yen sumambung ing tembung lingga kang apurwa vokal, seselan –in- malih dadi ing- lan dununge ing ngarep tembung maknane padha karo ater-ater di-. Seselan –in- ingaranan tanggap na, jalaran tembung lingga kang diseseli –in mesthi malih dadi tembung kriya tanggap.
antem  +          (-in-)    à  inantem     à  ingantem
incim   +          (-in-)    à  inincim      à  ingincim
ucek     +          (-in-)    à  inucek        à  ingucek
eman    +          (-in-)    à  ineman       à  ingeman
obong  +          (-in-)    à  inobong     à  ingobong

Yen purwane awujud konsonan ora ngalami owah-owahan.
Sawang           +          (-in)     à sinawang
pecut               +          (-in-)    à  pinecut  ‘dipecut’

3)      Seselan –er- lan –el-
Seselan –er- lan –el- kadhang malih dadi –r- , -l- , gunggunge winates.
gandhul           +          (-er-)    à  gerandhul  à  grandhul
kelip                +          (-er-)    à  kerelip       à krelip
kepyur             +          (-el-)    à  kelepyur    à  klepyur
                        titi                    +          (-el-)    à teliti            à tliti

Panambang yaiku imbuhan sing dumunung ing buri tembung (akhiran). Panulise kudu sumambung rapet karo tembung kang ana sisih kiwane/ ora kena kapisah. Gunggunge panambang ing Basa Jawa akeh banget, kayata: -i, -a, -e, -en, -an, -na, -ana, -ane, -ake. 

1)      Panambang –i
Panambang –i sumambung tembung lingga kang pungkasane vokal malih dadi-ni manawa kang pungkasane konsonan ora ana owah-owahan. Tembung kang dipanambangi –i mesthi malih dadi tembung kriya, duwe teges pakon/ hagnya.
tamba  +          -i          à  tambai       à  tambani     akon supaya nambani
gebug  +          -i          à  gebugi       à  gebugi       akon supaya nggebug
           
2)      Panambang –a
Tembung lingga + -a pangucape muncul swara w lan p, nanging panulise ora katulis nganggo w/p. Saben tembung lingga diwuwuhi panambang –a umume dadi tembung kriya lan duwe teges pakon, saupama/sanadyan, pangarep-arep.
tuku     +          -a         à  tukua  pangucape muncul swara w
                                                tegese akon supaya tuku’
                        bali      +          -a         à balia    pangucape muncul swara y
                                                                        ‘tegese akon supaya bali’
                        bagus   +          -a         à bagusa        ‘saupama/sanajan bagus’
                        udan    +          -a         à udana         ‘ngarep-arep supaya udan’

3)      Panambang –e (-ipun)
Panambang –e (-ipun) ndapuk tembung lingga dadi dadi tembung aran (nomina).  Tembung lingga kang pungkasane vokal –e dadi –ne, -ipun dadi –nipun. Manawa pungkasane konsonan ajeg ora owah.
dara     +          -e         à  darae         à  darane
joged   +          -e         à  jogede
asta      +          -ipun    à  astaipun     à  astanipun
tindak  +          -ipun    à  tindakipun

4)      Panambang –en
Panambang –en bisa sumambung ing tembung lingga kang wekasane vokal malih dadi –nen manawa tumempel ing konsonan konsonan ajeg.
cacing              +          -en       à cacingen
isi                     +          -en       à  isien           à  isinen
sate                  +          -en       à  sateen        à  satenen
gawa                +          -en       à  gawanen

*panambang –en kajaba ndhapuk tembung kriya, uga bisa ndhapuk tembung kaanan/ watak. Tembung lingga kang kawuwuhan panambang –en malih dadi tembung kaanan diarani tembung guna. Tuladha :
plenthingen            cacingen          wudunen          kreminen         mimisen          

5)      Panambang –an
joged               +          -an       à  jogedan
andhuk                        +          -an       à  andhukan
gawe                +          -an       à  gawean
sore                  +          -an       à  sarean

Panambang –an yen kasambung ing tembung kang wekasane awujud vokal mesthi ngalami owah-owahan utawa ngalami persandhian, yaiku :
...u       +          -an       à  on
...i        +          -an       à  en
...e       +          -an       à  en
...a       +          -an       à  an

tuku     +          -an       à  tukuan       à  tukon
lali       +          -an       à  lalian          à  lalen
duwe   +          -an       à  duwean     à  duwen
kanca   +          -an       à  kancaan     à  kancan

Panambang –an yen sumambung ing tembung lingga bisa ndhapuk tembung aran duwe teges piranti kanggo, papan/panggonan, sing di-. Tuladha :
                  timbangan       piranti kanggo nimbang
                  kauman           panggonan kaum/santri
panganan        sing dipangan

Panambang –an yen sumambung ing tembung lingga bisa ndhapuk tembung kriya duwe teges nganggo. Tuladha :
kemulan           nganggo kemul
sarungan         nganggo sarung

Panambang –an ndhapuk tembung kaanan duwe teges ngandhakake kaanan. Tuladha:  isinan                   bingungan       apikan             gugupan          nesunan

6)      Panambang –na
jupuk   +          -na       à  jupukna
gawe    +          -na       à  gawena      à  gawekna

takon   +          -na       à  takonna     à  takokna
takon   ~  takok           +          -na       à  takokna
takokna  ‘akon supaya nakokake




7)      Panambang –ana
Tembung lingga kang pungkasane awujud vokal/ wanda menga + -ana malih dadi –nana manawa pungkasane awujud konsonan ajeg ora owah. Tembung lingga + -ana/-nana mesthi dadi tembung kriya lan ngemu teges pakon utawa sanadyan di-
kanca   +          -ana     à  kancaana   à  kancanana
damu   +          -ana     à  damuana    à  damonana
raup     +          -ana     à  raupana
wisuh   +          -ana     à  wisuhana

8)      Panambang –ane
Tembung lingga kang pungkasane awujud vokal/ wanda menga + -ane malih dadi –nane manawa pungkasane awujud konsonan ajeg ora owah. Tembung lingga + -ana/-nana mesthi dadi tembung aran  lan ngemu teges anggone.

tamba  +          -ane     à  tambaane   à  tambanane
gebug  +          -ane     à  gebugane
            * kang nyebal ora ateges anggone : kakekane, trondholane, edanane

9)      Panambang –ake (-aken)
Tembung lingga kang pungkasane awujud vokal/ wanda menga + -ake malih dadi –kake manawa pungkasane awujud konsonan ajeg ora owah.
turu      +          -ake     à  turuake      à  turokake
tulis     +          -ake     à  tulisake
beta     +          -aken   à  betaaken    à  betakaken
serat     +          -aken   à  serataken
            * diwancah :
Turokake         ~ turoke
tulisake            ~  tuliske

Imbuhan Bebarengan Rumaket
Ater-ater lan lan panambang kaimbuhake kanthi bebarengan ora kena kapethil-pethil.
1)      Imbuhan ka- -an uga sinebut bawawacaka
ka-       +  raharja         +  -an   à  karaharjan
ka-       +  bledhos       +  -an   à  kabledhosan
ka- -an kadhang malih dadi ke- -an à kabledhosan  ~  kebledhosan

2)      Imbuhan ke- -en  ndhapuk tembung aran mula uga sinebut adiguna, ngemu teges banget.
ke-       +  cilik             +  -en   à  keciliken    banget cilike
kem-    +  pinggir         +  -en   à  keminggiren
ken-     +  dhangak      +  -en   à  kendhangaken
keng-   +  kulon           +  -en   à  kengulonen
keny-   +  crongat        +  -en   à  kenyrongaten

3)      Imbuhan pa(A)- -an
pa-       +  pring            +  -an   à  papringan
pa-       +  awu             +  -an   à  pawon
pam-    +  wulang        +  -an   à  pamulangan
pan-     +  dhelik          +  -an   à  pandhelikan
pang-   +  urip              +  -an   à  panguripan
pany-   +  jujug            +  -an   à  panyjujugan
*ing buku – buku kuna imbuhan pa-...-an sinebut daya wacaka dene imbuhan pam/pan/pang/pany-...-an sinebut karana wacaka

4)      Imbuhan pra- -an
pra-      +  desa             +  -an   à  pradesan
pra-      +  sanak           +  -a     à  prasanakan
pra-      +  janji             +  -an   à  prajanjen
*imbuhan kasebut kalebu imbuhan kang kurang produktif, yen sumambung ing tembung lingga umume mratelakake bab papan/panggonan utawa padha...

Imbuhan Bebarengan Renggang iku imbuhan kang awujud ater – ater lan panambang kang kasambungake ing tembung lingga ora bebarengan (tidak serentak)
1)      Imbuhan A- -i (Anuswara- -i)
Imbuhan A- -i sumambung ing tembung lingga bakal ndapuk tembung kriya, mula sinebut i kriya, ngemu teges nindakake pakaryan bola – bali.
m-        +  lumpat         +  -i      à  mlumpati
2)      Imbuhan A- -a (Anuswara- -a)
Nduwe teges akon marang wong liya supaya nindakake pakaryan utawa duwe teges sanadyan (kontradiktif)
n-         +  tangis          +  -a     à  nangisa
3)      Imbuhan A- -ake (Anuswara- -ake)
Nduwe teges nganggo/ndadekake/njalari sawijining bab (kausatif) utawa nindakake pakaryan kanggo wong liya (benefaktif)
ng-       +  keplak         +  -ake à  ngeplakake
ngeplakake      ~  ngeplakke
4)      Imbuhan A- -ana (Anuswara- -ana)
Nduwe teges akon supaya nindakaken pakaryan utawa sanadyan...
ny-       +  cedhak        +  -ana à  nyedhakana
5)      Imbuhan A- -e (Anuswara- -e)
Nduwe teges anggone...
m-        +  laku             +  -e     à  mlakune
6)      Imbuhan di- -i
Nduwe teges nindakake pakaryan nganti makaping - kaping
di-        +  thithil          +  -i      à  dithithili
7)      Imbuhan di- -a
Nduwe teges sanadyan nindakake pakaryan/sanajan di...
di-        +  asah             +  -a     à  diasaha
8)      Imbuhan di- -ana
Nduwe teges sanadyan di...i
di-        +  jotos            +  -ana à  dijotosana
*sanadyan dijotosi nganti bola - bali
9)      Imbuhan di- -ake
Nduwe teges wong liya nindakake pakaryan kanggo awake dewe
di-        +  wales           +  -ake à  diwalesake
10)  Imbuhan (-in-) –an/-ake/-ana
gambar                        +  (-in-)  -an     à  ginambaran            à  digambari
sambung          +  (-in-)  -ake   à  sinambungake       à  disambungake
tangis               +  (-in-)  -ana   à  tinangisana            à  ditangisana
*seselan (-in-) lan panambang ana kang sumambung ing tembung lingga nduwe teges sanadyan di...i
11)  Imbuhan (-um-) –a
Akon supaya nindakaken pakaryan
singkir             +  (-um-)  -a     à  sumingkira
12)  Imbuhan sa- -e
Kang sumambung ing tembung lingga bakal ndapuk tembung katrangan lan nduwe teges nganti... karo... lan padha karo...
sa-        +  cilik             +  -e     à  sacilike
sa-        +  lawuh          +  -e     à  salawuhe

3.    Widyaukara = sintaksis, kalebu perangane paramasastra kang ngrembug bab ukara. Kajaba ngrembug bab ukara, uga ngrembug bab frasa lan  klausa. Tembung frasa lan klausa disilih amarga basa Jawa durung duwe gegantine tembung iku.
Frasa utawa kelompok kata duwe tandha-tandha:
Ø  Drajate dumunung ing antarane tembung lan klausa.
Ø  Dumadi saka rong tembung utawa luwih.
Ø  Tembung-tembung kang kadhapuk ing frasa urut-urutane ora kena ngluwihi wasesa.
Ø  Dumadi saka inti ( perangan diterangake) lan atributif (perangan kang nerangake inti).
Frasa bisa dijembarake kanthi nambah tembung iku, iki, kae, lan kuwi ing sisih tengene frasa kasebut. Tembung sing utawa kang kang uga bisa kasisipake ing antarane tembung-tembung kang dadi perangane frasa. Tuladha:
Frasa dumadi saka Inti  (perangan kang diterangake) lan Atribut (perangan kang nerangake inti). Urutan frasa ing basa Jawa bisa à I -A / A -I.            
Frasa
Inti                  Atributif
Omah                  anyar
Frasa

Inti                  atributtif

            frasa aran

inti                   atributif

                        relator             poros


omah               sing                  anyar               iku




Klausa yaiku rerangkening tembung kang bisa ngudhar sawijining gagasan utawa sawijining bab. Ing pacelathon utawa ing paguneman, klausa iku kudu ana wasesane (predikat). Ing basa tulis, klausa saora-orane dumadi saka jejer (subjek) lan wasesa (predikat), uga bisa dadi ukara .

Klausa










J                             W










Frasa Aran                         Frasa Kriya










bapak lan ibu                                arep tindak

Ing basa tulis, kawitane klausa ora katulis nganggo aksara murda (kapital) lan ora kapungkasi tandha titik, koma, titik koma, tandha seru, utawa tandha pitakon.

Ukara iku mujudake rerangkening tembung-tembung kang bisa ngudharakae sawijining karep ganep sabab lan pangrangkene tembung nganggo pranatan kang wus gumathok.
Tandha-tandhane ukara:
  1. Bisa madeg dhewe.
  2. Saora-orane dumadi saka sa-klausa (1 jejer lan 1 wasesa).
  3. Ing basa tulis wiwitane ukara katulis mawa aksara murda lan wekasane mawa tanda titik, koma, titik koma, tandha seru, sarta tandha pitakon.
  4. Ana laguning pocapan/ intonasi.

  Ukara
    Klausa 1          Klausa 2








                                         

aku sinau               adhiku malah dolanan

Aku  sinau, adhiku malah dolan.
J       W              J               W
       Aku sinau. (klausa, ukara)
       malah dolan (frasa kriya)
       Adhiku malah dolanan. (klausa, ukara)
       Aku sinau, adhiku malah dolanan (ukara)

Ukara Tanduk (kalimat aktif) ukara kang wasesane awujud tembung kriya tanduk. Tembung kriya kang dadi wasesane ing ukara tanduk padatan nggunakake wuwuhan/imbuhan:
Ø   anuswara (m-, n-, ng-, ny-)
Ø  Panambang –i / -ke
Ø  Jejer ing ukara tanduk biasane nindakake pakaryan/ dadi paraga.
Ø  Lesan ing ukara tanduk dadi sasaran.

Tuladha Ukara
Widarti /nyangking/ ember.
Gopang /nggawe /dolanan.
Jumina /mbungkus/ sarung.
Pak Suta ndhudhuk lemah.
Bu Wiwin /ndukani /putrane.
Mahendra/ nukokake/ adhine/ dolanan.
Siman /ngilangke/ sandale Sidan.
Hari /mblesekke/ dhuwite/ ing sak buri.

Tembung-tembung kang kacithak miring ing tuladha dhuwur awujud tembung kriya tanduk lan dadi wasesane ukara . Wasesa kasebut mbutuhake lesan, mula uga sinebut kriya tanduk mawa lesan/ kriya tanduk transitif. Tanpa lesan, ukara kasebut ora gramatikal.Tuladha:
Widarti /nyangking / Ø
Gopang /nggawe / Ø
Jumina /mbungkus /  Ø
Pak Suta /ndhudhuk / Ø
Bu Wiwin /ndukani / Ø
Tembung kriya tanduk kang ora merlokake anane lesan sinebut kriya tanduk tanpa lesan utawa kriya tanduk intransitif. Tuladha:
Mas Senthot /ngguyu.
Adhiku /nangis.
Mas Karya /ngrokoki.
Suteja /mringis.
Pitike /ngendhog.

Ukara Tanggap
Ukara kang wasesane awujud tembung kriya tanggap. Jejer, dadi sasaran/ dikenani pakaryan. Wasesa, migunakake tembung kriya kang kawuwuhi ater-ater di-, ka-, seselan –in. Ukara ergatig, ukara tanggap kang wasesane awujud dak- , ko- + tembung kriya.
Tuladha :
Adhiku diseneni Pak Guru
Layang iki katulis nalika ing Jakarta.
Simbah tinimbalan Gusti .
Gajah Mada winisuda dadi patih.
Duren kuwi daktukune bae!

Wasesa, migunakake tembung kriya kang kawuwuhi ater-ater di-, ka-, seselan –in
Ukara tanduk mawa lesan menawa didadekake ukara tanggap,lesan ing ukara tanggap owah dadi jejer ing ukara tanduk lan tembung kriya tanduk ing wasesa owah dadi tembung kriya tanggap.
Tuladha:
ð  Kangmasku arep nonton wayang kulit.
ð  Wayang kulit arep ditonton Kangmasku.

Ukara tanggap ora duwe lesan,sebab  sing jeneng lesan mesthi bisa dadi jejer ing ukara tanggap. Yen ora bisa dadi jejer ing ukara tanggap, perangan kasebut mbok menawa geganep.
v  Kangmasku arep nonton wayang kulit.
v  Wayang kulit arep ditonton Kangmasku.
v  Kangmasku arep ditonton wayang kulit.
v  Kangmasku arep katonton wayang kulit.
v  Kangmasku arep tinonton wayang kulit.

Ukara lamba iku dumadi saka klausa, tegese ukara kasebut mung dumadi saka jejer lan wasesa sarta bisa ditambah lesan, geganep, utawa panerang. Tuladha :
v  Suminah // ngguyu ngakak
J                      W.
v  Pilihan lurah kuwi // dianggep ora sah
J                                  W.
v  Paklikku // wingi // kelangan // jaket
   J             P                W         Gg.
Ukara camboran,  ukara kang dumadi saka rong klausa utawa luwih / jejer lan wasesane luwih saka siji.
 Tuladha :
Dhewekke  teka  nalika aku  lagi  mangan.
            J    W                 J               W
Sing masak  mbakyuku lan sing asah-asah  adhiku
W         J                      W                     J

Ukara camboran bisa kabedakake dadi loro yaiku camboran sajajar lan camboran ungsun.
Ukara Camboran Sajajar (kalimat majemuk sederajat)/ klausa koordinatif yaiku ukara kang dumadi saka rong klausa utawa luwih. Klausa-klausa iku digabung dadi siji kanthi nggunakake tembung panggandheng / tandha koma.klausa kang ana ing ukara camboran sajajar kabeh awujud klausa inti. Yen ing ukara camboran sajajar ana jejer  kang padha, jejer kapindho bisa didhelikake (dielipskan).
Haryanti kuwi // dudu guru nanging dhokter puskesmas
Tembung panggandheng kang asring dienggo yaiku : lan, sarta, nanging, ning, dene, wondene, banjur, terus, utawa, utawi, lajeng, miwah, tur, saha, malah, apa, nuli.
Ukara Camboran Susun (kalimat majemuk bertingkat) utawa klausa subordinatif yaiku ukara kang dumadi saka rong klausa utawa luwih, nanging antarane klausa siji lan sijine ana kang nguwasani la nana uga kang dikuwasani. Klausa kang nguwasani arane klausa pang/ anak kalimat. Klausa pang tansah gumantung marang klausa inti, nanging klausa inti ora gumantung marang klausa pang. Tuladha :
Mbak Yuli ora mangkat kerja   jalaran lara mriyang.
Klausa inti                               klausa pang
Sanadyan diwehi sangu    aku ora bisa teka.
Klausa pang                klausa inti

Tembung panggandheng ing ukara camboran susun sinebut subordinator . Kang kalebu subordinator yaiku : sabab, karana, jalaran, sanadyan, nalika, rikala, yen, menawa, murih, supaya, marang, awit, kanthi, mula, kaya, amarga, saupama, karo, kalihan/ kaliyan, manut, lan miturut.

Warna-Warnaning Ukara
            Adhedhasar surasane, ukara basa Jawa bisa kapilah-pilah dadi lima, yaiku :  ukara carita, ukara pakon, ukara pitakon, ukara sambawa, lan ukara sananta .

1)      Ukara Carita utawa kalimat berita  yaiku ukara kang isine nyritakake utawa ngandhakake sawijining bab utawa sawijining prastawa marang wong liya. Tuladha :
Saben wulan April ing Banyumas nganakake kirap pusaka kanggo mengeti ambal warsa Kabupaten Banyumas.
2)      Ukara Pakon kalimat perintah utawa imperatif yaiku ukara kang surasane awujud pakon utawa perintah marang wong liya supaya nindakake sawijining bab/ pakaryan kaya sing dikarepake sing kongkon. Wujude pakon werna-werna :
Ø  Ukara pakon lumrah
Awas sing ngati-ati!
Wis enggal digarap!
Ø  Ukara pakon pamenging
Kowe ora kena dolan yen durung sinau.
Bocah sekolah ora pareng ngrokok.
Ø  Ukara pakon pangajak
Sadurunge kawiwitan ayo padha ngeningake cipta.
Yen kepengin makmur, kowe kudu jujur.
Ø  Ukara pakon panantang
Antemen yen pancen kowe wani.
Yen nyata kendel, turua ing kuburan.
Ø  Ukara pakon  paminta
Adhimu mbok diwarahi nulis aksara Jawa.
Dhik, tulung cendelane ditutup bae.



3)      Ukara Pitakon utawa kalimat tanya yaiku ukara kang isine awujud pitakonan, nggunakake tembung pitakonan apa, piye, pripun, kadospundi, sinten, sapa, pira, pinten, ing ngendi, wonten pundi, coba, cobi, kapan, lan kala menapa. Ukara pitakon kapilah-pilah :
Ø  Ukara pitakon lumrah
Paramasastra kuwi apa ta tegese?
Saiki wis jam pira, Gik?
Ø  Ukara pitakon kang ora perlu wangsulan (retoris)
Sapa kang ora kepingin munggah ing kelas iki?
Ø  Pitakon paminta
Kadospundi menawi panjenengan tindak rumiyin?
4)    Ukara Sambawa iku ukara kang isine awujud pangarep-arep, saupama lan sanadyan. Ukara iki racake migunakake tembung-tembung kang kawuwuhi imbuhan –a utawa –ana. Tuladha :
Udana sing deres ben tanduranku subur.
Sugiha dhuwit aku rak wis gawe omah.
Dakkandhanana bola-bali ya ora tau digugu.

5)    Ukara Sananta yaiku ukara kang isine niyat, karep, utawa sedya ananging kang duwe sedya mau awake dhewe. Mesthi bae ukara iki durung kalakon jalaran isih awujud niyat.
Kareben munggah sekolah, aku kudu sinau mempeng.
Tinimbang ndomblong dakreresik buri omah.


4.Widyamakna = semantik, tegese ngelmu kang ngrembug bab surasa/ arti/ teges.

Tuladha ukara kang strukture bener nanging ora tinampa nalar.
Becak // mbalang // uwong.           Jumadi // mbalang // becak.
J                 W           L                   J                       W          L

Tuladha ukara kang strukture bener lan  tinampa nalar.
Pari // mangan // pitik.      Pitike // mangan // pari.
            J           W        L          J           W                    L

Kang karembug ing widyamakna : sinonim, antonim, homonim, hiponimi, polisemi, ambiguitas, jinising makna.

  1. Sinonim yaiku rong tembung utawa luwih kang wujud lan panulise beda, nanging duwe teges padha/ meh padha.
Bocah kuwi jenenge sapa?
Bocah kuwi arane sapa?
Sinonim basa Jawa gunggunge akeh banget, luwih-luwih antarane tembung ngoko, krama, krama inggil : turu – tilem – sare; mangan – nedha – dhahar, lunga – kesah – tindak lsp.
  1. Antonim yaiku tembung/ frasa/  ukara kang duwe teges walikan.
Mati uripku dak pasrahake Gusti Allah.
Klambi lurik kang anyar iku   >< Klambi lurik kang ora anyar.
  1. Homonim, yaiku tembung siji kang tulisan lan pangucape padha nanging maknane beda.
Pak Carik ngukuri lemah-lemah ing desa.
Kowe aja ngukuri weteng bae!
F Homofon yaiku rong tembung utawa luwih kang unine padha nanging tegese beda.
Mas, adhimu parabane sapa?
Dhik, nyuwun tulung surate panjenengan parap dhisik.
F Homograf yaiku rong tembung utawa luwih kang padha panulise nanging beda tegese.
Anak kucing jenenge cemeng.
Ingkang cemeng punika menapa, Dhik?

  1. Hiponimi kalebu tembung kang tegese kaanggep dadi perangane tembung liya, utawa surasane tembung iku ana ing panguwasane tembung liya (superordinat)
Warna            : abang, ijo,  kuning, biru,
Kewan            : sapi, kebo macan, jaran, kucing
Kembang        : mawar, melati, anggrek, kenanga

  1. Polisemi iku mujudake tembung kang ngemu teges/ duwe teges luwih saka siji. Polisemi bakal dingerteni karepe manawa tembung kasebut dumunung ing ukara.
Adhiku lagi bae babaran ing rumah sakit.
Bathik iki babaran Banyumasan
Panjenengan sampun nate tindak Owabong?
Prayoginipun sampun lenggah wonten mriku, Mbakyu!
  1. Ambiguitas iku tembung, frasa utawa ukara kang mangro teges, surasane angel dingerteni.
Wetengku suduken.
Buta kae suduken nganggo keris!

  1. Jinising makna
 Mringkus
Tembung wisudha biyen ngemu teges suci, bening, pangkate diunggahake. saiki mung dadi pangkate/ drajate diunggahake.
Tembung sujana biyen ngemu teges wong kang pinter/ linuwih, cubriya/ cemburu, siki dadi cubriya/ cemburu.
 Melar        :kembangà wong kang ayu               amplopà sogok/suap
F Geseh        :premanà gentho/penjahat
F Kognitif/deskriptif/denotatif: nuduhake anane sesambungan antarane gagasan kang ana ing pikiran/ konsep lan kasunyatan. Tetembungane lugas, blaka suta lan surasanr apa anane
Tuladha: Wedhus gembel kae duwekke sapa?
F Konotatif   : nuduhake manawa surasaning tembung/frasa ora kaya kang ana ing tembung kasebut nanging duwe teges liya. Tuladha: Suliyah dadi kembang desa.
F Leksikal & Gramatikal: makna sawijining tembung nalika isih mandhireng pribadi/ bebas. Makna leksikal ora gumantung ing ukara lan kudu ditonton ing kamus (bausastra)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar