BAB II
KEGIATAN BELAJAR 1
WIDYA SWARA
A. Kompetensi lan Indikator
Kompetensi dhasar (kasagedan baku ) ingkang jumbuh kaliyan babagan widya swara inggih menika kompetensi dhasar mirengaken, maos, micara, lan ugi nyerat. Widya swara gegayutan kaliyan kompetensi dhasar mirengaken jalaran nalika Panjenengan mirengaken menapa kemawon, upaminipun mirengaken cariyos, pawartos, iklan, sesorah (pidhato), sandiwara, sekar, lan mirengaken geguritan, sadaya wau mbetahaken kawruhing widya swara, inggih menika vokal lan konsonan. Kanthi nguwaosi widya swara Panjenengan saged mirengaken swanten kanthi sae lan trep, lan mangertosi isinipun cariyos, pawartos, iklan, sesorah (pidhato), sandiwara, sekar, lan geguritan ingkang Panjenengan mirengaken.
Widya swara gegayutan kaliyan kompetensi dhasar maos jalaran nalika Panjenengan maos menapa kemawon, kadosta maos salebeting manah menapa dene maos nyaring (kanthi ngedalaken swanten) kangge mangertosi suraosipun waosan, sadaya wau ugi mbetahaken kawruhing widya swara. Kanthi nguwaosi widya swara Panjenengan saged maos kanthi swanten ingkang sae lan trep, intonasi ingkang pas, lan langkung gampil mangertosi isinipun waosan ingkang katemben Panjenengan waos.
Widya swara gegayutan kaliyan kompetensi dhasar micara jalaran nalika Panjenengan micara menapa kemawon, kadosta micara piyambakan (monolog) menapa pagineman utawi pacelathon (dialog), nyariyosaken malih isinipun ceramah/waosan/prastawa ingkang aktual kangge nyebaraken suraosipun wicantenan, lan sesorah (pidhato, medhar sabda), sadaya wau ugi mbetahaken kawruhing widya swara. Kanthi nguwaosi widya swara Panjenengan saged micara kanthi swanten ingkang sae lan trep, intonasi ingkang pas, lan pangandikan Panjenengan langkung gampil dipunmangertosi isinipun dening tiyang sanes ingkang katemben mirengaken pangandikan Panjenengan.
Widya swara gegayutan kaliyan kompetensi dhasar nyerat (nganggit) jalaran nalika Panjenengan nyerat (nganggit) menapa kemawon, kadosta nyerat pengalaman pribadi, nyerat wara-wara (pengumuman), nyerat cariyos (crita cekak), nyerat karangan deskriptif, naratif, ekspositorik, argumentatif, lan persuasif; samanten ugi nyerat serat, sadaya wau ugi mbetahaken kawruhing widya swara. Kanthi nguwaosi widya swara Panjenengan saged nyerat kanthi tembung-tembung ngkang ngginakaken swanten ingkang sae lan trep, sarta ejaan (tata tulis) ingkang jumbuh kaliyan paugeraning ejaan basa Jawi ingkang sampun kasampurnakaken, lan seratan/anggitan Panjenengan langkung gampil dipunmangertosi isinipun dening tiyang sanes ingkang katemben maos seratan Panjenengan.
B. Uraian Materi
Widya swara dumados saking kalih tembung, inggih menika widya (basa Jawi Kina) tegesipun ‘ilmu, kawruh’ lan swara tegesipun ‘uni, swanten’. Dados widya swara menika ilmu ingkang ngrembag lan nyinau babagan swanten. Wonten ing ilmu basa (linguistik), widya swara kawastanan fonologi basa Jawi.
Swanten ingkang karembag widya swara menika swanten ingkang wonten tegesipun. Pramila widya swara saged dipuntegesi ilmu ingkang ngrembag swanten-swanten ingkang saged mbedakaken teges, utawi ingkang asipat distingtif. Upaminipun:
kula >< gula wedi >< wedhi
saba >< sapa kudu >< kuru
Tembung-tembung ing nginggil menika sanadyan ingkang beda namung satunggal swanten, swanten-swanten kasebat saged mbebakaken wujud lan tegesing tembung. Tembung kula lan gula ingkang mbedakaken wujud lan tegesing tembung inggih menika swanten /k/ lan /g/; wedi lan wedhi ingkang beda namung /d/ kaliyan /ḍ/; saba lan sapa ingkang beda namung /b/ kaliyan /p/; kudu lan kuru ingkang beda namung swanten /d/ lan /r/. Swanten ingkang saged njalari satunggaling tembung dados beda wujud lan tegesipun sinebat fonem. Dene menawi wonten lira-liruning swanten ingkang boten ngantos njalari ewahing teges kawastanan alofon. Tuladhanipun:
putih >< puteh sugih >< sugeh
abuh >< aboh suruh >< suroh
Adhedhasar pamedaling swanten, fonem basa Jawi saged kaperang dados kalih, inggih menika vokal lan konsonan.
- Swanten Vokal
Basa Jawi gadhah vokal cacahipun pitu, inggih menika /a/, /Ͻ/, /o/, /i/, /u/, /e/, lan /Ə/. Saben-saben vokal kasebat saged dumunung ing ngajeng, tengah, lan ing wingking, kados tuladha ing ngandhap menika.
1) vokal /a/ : aku [aku] babad [babad] ora [ora]
2) vokal /Ͻ/ : ana [ϽnϽ] bata [bϽtϽ] pira [pirϽ]
3) vokal /o/ : omah [omah] bolah [bolah] jero [jƏro]
4) vokal /i/ : ilang [ilaŋ] sida [sidϽ] pari [pari]
5) vokal /u/ : urip [urip] kuna [kunϽ] saru [saru]
6) vokal /e/ : eman [eman] sela [sƏlϽ] sare [sare]
7) vokal /Ə/ : empuk [Əmpʊ?] banget [baŋƏt]
Ing antawisipun vokal cacah pitu kados sampun kasebat ing nginggil, ingkang prelu pikantuk kawigatosan mirunggan inggih menika antawisipun swanten [a], [Ͻ], lan [o]. Swanten [Ͻ] menika boten kalebet alofon fonem /a/ utawi /o/, ananging kalebet fonem ingkang mandhireng pribadi sabab swanten kasebat saged mbedakaken wujud lan tegesing tembung. Tembung [bobo?], [bϽbϽ?], lan [baba?], upaminipun, kalebet tembung ingkang beda wujud lan tegesipun sabab tembung [bobo?] ngemu teges ‘turu’, [bϽbϽ?] ngemu teges ‘bolong’ utawa ‘wedhak borehan’, dene [baba?] ngemu teges ‘tatu’.
Basa Jawi ing tlatah kilen, inggih menika ing tlatah Tegal, Brebes, Wonosobo, Banjarnegara, Kebumen, Banyumas, lan Cilacap, malah ugi ing tlatah Cirebon, Inderamayu, Tangerang, lan Serang (Banten) swanten [o] lan [Ͻ] menika kalebet alofon sabab swanten-swanten kasebat ing wewengkon menika boten mbedakaken suraosing tembung, nanging namung wujud lira-liruning swanten (variasi bunyi). Ananging, swanten [Ͻ] lan [a] ing wewengkon menika kalebet fonem ingkang mbedakaken sabab swanten kasebat saged mbedakaken teges. Kajawi menika, taksih ing tlatah menika, swanten [o] badhe kaucapaken dados swanten a jejeg utawi [Ͻ], dene swanten a jejeg badhe kaucapaken dados swanten a miring utawa [a].
Pitakenan ingkang wigatos inggih menika menapa basa Jawi gadhah vokal rangkep (diftong)? Vokal rangkep (diftong) menika vokal ingkang cacahipun kalih ingkang beda wujudipun lan dumunung ing sawijining wandanipun tembung. Manawi wonten vokal rangkep, nanging boten dumunung ing sawijining wanda, swanten rangkep menika boten saged dipunsebat diftong. Basa Jawi baku (standar) boten gadhah diftong kados basa Indonesia . Swanten [ae] ing tembung jae, kae, lan wae sarta swanten [ai] ing tembung pait, jait, lan paing boten kalebet diftong sabab swanten [ae] lan [ai] ing tembung menika namung awujud vokal rangkep ingkang mapanipun wonten ing sawijining tembung sanes ing sawijining wanda. Pramila tembung-tembung menika wau pamisahing wandanipun dados ja-e, ka-e, wa-e, pa-it, ja-it, lan pa-ing.
Ing wewengkon Jawi sisih wetan (Jawa Timur) wonten swanten rangkep ingkang awujud diftong ingkang asring muncul ing sawijining tembung. Pamunculipun diftong menika ngemu pikajeng kangge nyangetaken suraosing tembung. Upaminipun:
apik à oapik ‘apik banget’
gedhe à guedhe ‘gedhe banget’
Ing Surakarta lan Yogyakarta kangge nyangetaken suraosing tembung, bebrayan racakipun ngginakaken variasi vokal utawi ngginakaken tembung banget kados tuladha ing ngandhap menika.
abang à abing ‘abang banget’
dawa à dawu ‘dawa banget’
ijo à iju ‘ijo banget’
- Swanten Konsonan
Konsonan menika swanten ingkang tanpa uni, utawi swanten ingkang dereng mungel menawi dereng sumambung kaliyan vokal. Konsonan kaanggep swanten ingkang tanpa uni jalaran angin ingkang medal saking paru-paru ingkang kawedhar saking nglebetipun tutuk kaalang-alangi dening biwir, waja, lidhah, cethak, lan gorokan. Mila lajeng wonten swanten biwir, swanten waja, swanten lidhah, swanten cethak, lan swanten gorokan. Kajawi menika ugi wonten swanten laringal lan glotal.
1) Swanten lambe (biwir)
Swanten lambe (biwir) sinebat ugi konsonan bilabial, wujudipun [p], [b], [m], lan [w]. Kajawi swanten [w], sadaya swanten biwir saged dumunung ing kawitan, tengah, lan pungkasaning tembung. Swanten [w] namung saged dumunung ing ngajeng lan ing tengahing tembung, sarta boten saged dumunung ing pungkasaning tembung. Tuladhanipun:
pacul, sapi, karep
bata, kubur, anteb
mula, tampah, kalem
waluh, kuwi
2) Swanten waja
Swanten waja ingkang ugi sinebat konsonan dental saged dipunbedakaken wonten sekawan, inggih menika apikodental, apikoalveolar, apikopalatal, lan laminoalveolar. Ingkang kalebet apikodental inggih menika swanten [d] lan [t]. Ingkang kalebet apikoalveolar, inggih menika [n], [l], lan [r]. Ingkang kalebet apikopalatal utawi retoflek inggih menika [ḍ] utawi /dh/ lan [ṭ] utawi /th/. Wondene ingkang kalebet laminoalveolar inggih menika swanten [s]. Meh sadaya swanten waja saged dumunung wonten ing kawitan, tengah, lan pungkasanipun tembung. Ananging, retoflek [ḍ] lan [ṭ] namung saged dumunung ing ngajeng lan ing tengahing tembung, sarta boten saged dumunung ing pungkasaning tembung. Tuladhanipun saged dipunpirsani ing ngandhap menika:
dalan adil abad
tuma untu parut
nakal bantal aman
lunga guling apal
rekasa turu kasur
dhagelan padha -
thukul pathi -
supir desa wekas
3) Swanten cethak
Swanten cethak ugi ingaranan konsonan palatal. Ingkang kalebet swanten cethak inggih menika [c], [j], [ň], lan [y]. Sadaya swanten cethak boten saged dumunung ing pungkasaning tembung. Tuladhanipun:
cuwil pacul
jaran pijet
nyata minyak
yoga griya
4) Swanten gorokan
Swanten gorokan ugi sinebat konsonan velar. Ingkang kalebet swanten gorokan inggih menika [k], [g], lan [ŋ] Swanten gorokan saged dumunung wonten ing wiwitan, tengah, lan pungkasaning tembung. Tuladhanipun:
kurang dhokar gemak
graji jagal ajeg
ngaya tangan wadhang
5) Swanten Laringal lan Glotal
Swanten laringal ugi sinebat swanten hamzah, wondene swanten glotal menika swanten ampang ing gorokan. Ingkang kalebet swanten laringal inggih menika [h], dene ingkang kalebet swanten glotal inggih menika [?] utawi [k] ampang. Swanten glotal boten wonten ingkang dumunung ing purwaning tembung lan racakipun dumunung ing pungkasaning tembung lingga. Tuladha:
hara [hϽrϽ] tahu [tahu] omah [omah]
hardi [hardi] dhahar [ḍahar] wegah [wƏgah]
hapsara [hapsϽrϽ] luhur [luhʊr] kawah [kawah]
pakpung [pa?puŋ] bapak [bapa?]
taklim [ta?lim] simak [sima?]
Konsonan basa Jawi wonten ingkang kagolong swanten ampang, swanten anteb, swanten grana, lan swanten manda-manda. Ingkang kalebet swanten ampang inggih menika [p], [t], [c], [k]; ingkang kalebet swanten manteb inggih menika [b], [ḍ], [d], [j], lan [g]; ingkang kalebet swanten grana (nasal/sengau) inggih menika [m], [n], [ň], lan [ŋ]. Dene ingkang kalebet swanten manda-manda utawi semi vokal inggih menika [w] lan [y].
- Ebah-ewahing Swanten
Ingkang dipunpikajengaken “ebah-ewahing swanten” inggih menika ewahipun swanten ing sawijining tembung, nanging boten ngantos ngewahi suraosing tembung. Ingkang njalari ebah-ewahipun swanten kalawau bakenipun wonten tiga (1) dipuntambah swantenipun, (2) dipunsuda/ dipunkirangi swantenipun, lan (3) dipunpindhah panggenanipun swanten wau.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar