Liana Arum Purwitasari

tanpa tanda jasa
SELAMAT DATANG DI BLOG LIANA ARUM PURWITASARI

Rabu, 25 Januari 2012

KEGIATAN BELAJAR III WIDYA UKARA


KEGIATAN BELAJAR III
WIDYA UKARA

                                                                      
A. Kompetensi dan Indikator
Kompetensi dhasar (kasagedan baku) ingkang jumbuh kaliyan babagan widya ukara inggih menika kompetensi dhasar mirengaken, maos, micara, lan ugi nyerat. Widya ukara gegayutan kaliyan kompetensi dhasar mirengaken jalaran nalika Panjenengan mirengaken menapa kemawon, upaminipun mirengaken cariyos, pawartos, iklan, sesorah (pidhato), sandiwara, sekar, lan mirengaken geguritan, sadaya wau mbetahaken kawruhing widya ukara lan pangrakiting ukara. Kanthi nguwaosi widya ukara Panjenengan saged mangertosi suraosipun ukara-ukara, lan mangertosi isinipun cariyos, pawartos, iklan, sesorah (pidhato), sandiwara, sekar, lan geguritan ingkang Panjenengan mirengaken.
Widya ukara gegayutan kaliyan kompetensi dhasar maos jalaran nalika Panjenengan maos menapa kemawon, kangge mangertosi suraosipun waosan, sadaya wau ugi mbetahaken kawruhing widya ukara. Kanthi nguwaosi widya ukara Panjenengan saged maos kanthi intonasi ingkang pas, lan langkung gampil mangertosi isinipun waosan ingkang katemben Panjenengan waos.
Widya ukara gegayutan kaliyan kompetensi dhasar micara jalaran nalika Panjenengan micara menapa kemawon, kadosta micara piyambakan (monolog) menapa pagineman utawi pacelathon (dialog), nyariyosaken malih isinipun ceramah/waosan/prastawa ingkang aktual kangge nyebaraken  suraosipun wicantenan, lan sesorah (pidhato, medhar sabda), sadaya wau ugi mbetahaken kawruhing widya ukara. Kanthi nguwaosi widya ukara Panjenengan saged micara kanthi milih tembung-tembung ingkang trep lajeng karakit dados ukara ingkang jangkep sarta laras lan leres maknanipun, lan kanthi makaten pangandikan  Panjenengan langkung gampil dipunmangertosi isinipun dening tiyang sanes ingkang katemben mirengaken pangandikan Panjenengan.
Widya ukara gegayutan kaliyan kompetensi dhasar nyerat (nganggit) jalaran nalika Panjenengan nyerat (nganggit) menapa kemawon, kadosta nyerat pengalaman pribadi, nyerat wara-wara (pengumuman), nyerat cariyos (crita cekak), nyerat karangan deskriptif, naratif, ekspositorik, argumentatif, lan persuasif; samanten ugi nyerat serat, sadaya wau ugi mbetahaken kawruhing widya ukara, sae ukara lamba menapadene ukara camboran. Kanthi nguwaosi widya ukara Panjenengan saged nyerat kanthi ukara-ukara ingkang sae lan trep sarta jumbuh kaliyan paugeraning paramasastra Jawi; lan seratan/anggitan Panjenengan langkung gampil dipunmangertosi suraosipun dening tiyang sanes ingkang katemben maos seratan Panjenengan.

B. Uraian Materi
            Widya ukara utawi sintaksis kalebet peranganipun paramasastra ingkang ngrembag bab frasa, klausa, lan ukara. Frasa, klausa, lan ukara saha perangan-peranganipun dados cakupanipun widya ukara.

1.      Frasa
            Miturut tatananipun, frasa kaperang dados kalih, inggih menika frasa endosentrik lan frasa eksosentrik. Frasa endosentrik inggih menika frasa ingkang namung nyebataken salah setunggaling peranganipun, nanging perangan ingkang kasebataken kalawau saged minangka gegantosing perangan-perangan sanesipun. Tuladhanipun:
      ember plastik abang.
      tape beras ketan.
      bocah lanang bagus.
            Frasa eksosentrik inggih menika frasa ingkang salah satunggal perangananipun boten saged dados gegantosing perangan sanesipun, utawi perangan ingkang satunggal boten saged dados sesulihing perangan sanesipun. Tuladhanipun:
            ing pasar
            saka Jepara
            menyang Jakarta
            Adhedhasar jinisipun, frasa kaperang dados pitu, inggih menika:
(1) Frasa aran              : klambi anyar, lemari kayu jati, dudu watu
(2) Frasa kriya                         : nembe tindak, badhe nedha, tilem ngorok
(3) Frasa kaanan                      : kudu sabar, bagus tenan
(4) Frasa wilangan                   : telung karung, limang bungkus
(5) Frasa katrangan                 : mung arep, kudu bisa
(6) Frasa sesulih                                  : kula piyambak, panjenengan ugi
(7) Frasa ancer-ancer               :saking Solo, dhateng Semarang, kagem    panjenengan

2.      Klausa
            Klausa inggih menika rerangkening tembung ingkang saged ngudhar sawijining gagasan utawi sawijining bab. Saboten-botenipun ing pacelathon utawi ing pagineman, klausa menika kedah wonten wasesanipun (predikat). Ananging, ing basa sinerat, klausa menika saboten-botenipun dumados saking jejer (subjek) lan wasesa (predikat). Kajawi menika, klausa ugi saged malih dados ukara. Klausa saged kaperang dados kalih, inggih menika klausa bebas lan klausa winates. Klausa bebas kaperang malih dados tiga, inggih menika klausa transitif, klausa intransitif, lan klausa ekuatif. Klausa winates ugi kaperang dados tiga, inggih menika klausa nominal, klausa adjektival, lan klausa adverbial.
(a)    Klausa bebas
1)      Klausa transitif :
Tini nulis layang
Tini nulisi bukune
Tini nulisake bapak layang
2)      Klausa intransitif :
dheweke lagi adus
aku jam sewelas wis turu
adhiku ngimpi
3)      Klausa ekuatif :
bapakku guru
dheweke kancaku
rambute kriting
(b)   Klausa winates :
1)      Klausa nominal :
sing dipundhut buku
ibuku guru basa Jawa
2)      Klausa adjektival :
legi banget (Piye rasane peleme mau?)
bagus tenan (Piye sajake bocahe?)
3)      Klausa adverbial :
(anggone matur) ngati-ati banget
(anggone maca) tliti tenan

3.      Ukara
            Ukara menika mujudaken rerangkening tembung ingkang saged ngudharaken sawijining pikajeng ingkang jangkep. Adhedhasar fungsinipun peranganipun ukara menika wonten jejer, wasesa, lesan, geganep, panerang. Adhedhasar jinisipun, ukara saged kaperang dados ukara tanduk lan ukara tanggap, ukara lamba lan ukara camboran, saha ukara topik lan komen.
a)      Ukara tanduk lan ukara tanggap
Ing ngandhap menika pundi ingkang kalebet ukara tanduk lan ukara tanggap, kaudhala miturut fungsinipun!
1)      Mbakyuku lagi nggawe panganan saka ketan.
2)      Bu Wiwin ndukani putrane sing lanang.
3)      Herman nggawekake Sumiyati crita cekak.

4)      Toni didukani Pak Gito.
5)      Layang iku enggal kasimpen ing laci.
b)      Ukara lamba lan ukara camboran
Ing ngandhap menika pundi ingkang kalebet ukara lamba lan ukara camboran, kaudhala miturut fungsinipun!
1)      Suminah ngguyu ngakak
2)      Pilihan lurah kuwi dianggep ora sah.
3)      Bapak lan Ibu nembe tindak dhateng Yogya.

4)      Mbakyuku mulang ing Semarang lan masku mulang ing Cepu.
5)      Haryati kuwi dudu guru nanging dhokter puskesmas.

6)      Nalika Mas Heri nelpon, aku lagi nggawe power point.
7)      Bapak Sutardi ngendikakake menawa basa Jawa kudu dilestarekake lan dingrembagake.

c)      Ukara topik lan komen
Ing ngandhap menika pundi ingkang kalebet ukara topik lan komen, kaudhala miturut fungsinipun!
1)      Bapak, blangkonipun radi miring.
2)      Komputere adhiku, monitare rusak.
3)      Kang Mas, resletinge durung dibenakake.

4)      Rambute Om Bondhan kuwi pancen dawa.
5)      Tangane Mas Iwan kuwi kenceng banget.
6)      Sukune pakdhe akeh wulune.
            Adhedhasar suraosipun, ukara kaperang dados gangsal, inggih menika ukara carita, ukara pakon, ukara pitakon, ukara sambawa, lan ukara sananta.
a.       Ukara carita (kalimat berita/kalimat deklaratif):
1)      Saben wulan Mulud ing Ngayogyakarta lan Surakarta mesthi ana Sekaten.
2)      Samenika kula sampun dados guru wonten ing SMAN 3 Semarang.

b.      Ukara pakon (kalimat perintah/kalimat imperatif):
1)      Wis enggal digarap!
2)      Bocah-bocah ora pareng melu lho ya!
3)      Sadurunge kawiwitan ayo padha ngeningake cipta!
4)      Gage balangen yen arep njaluk benjut sirahmu!
c.       Ukara pitakon (kalimat tanya/kalimat interogatif):
1)      Pak guru basa Jawa sing anyar iku asmane sapa?
2)      Iki ta daleme Pak Jono?
3)      Saupama klambimu iku dilungsurake adhimu piye, Ndhuk?
d.      Ukara sambawa:
1)      Teranga ya ben mulihe mengko ora kudanan.
2)      Mrenea wiwit mbiyen kowe ora bakal kapiran.
3)      Tangisana nganti semaput dheweke ora bakal urip maneh.
e.       Ukara sananta:
1)      Kareben munggah sekolah aku arep mempeng sinau.
2)      Aku arep nggarap PR, kowe aja ngajak crita wae.
3)      Buku paramasastramu iki daksilihe dhisik, ya?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar