a. Panambahing Swanten
Panambahing swanten ing sawijining tembung saged kaperang dados tiga protesis, epentesis, lan paragog. Supados para pamaos gampil anggenipun ngemut-emut, tigang prastawa kalawau kula sebat kemawon mawi istilah/tetembungan wuwuh purwa, wuwuh madya, lan wuwuh wasana.
(1) Protesis (wuwuh purwa) tegesipun tambah ing perangan ngajeng.
nanging à ananging
jare à ujare
ana à nana
ing à ning
adi à hadi
(2) Epentesis (wuwuh madya) tegesipun tambah ing perangan tengah.
kambil à krambil
akasa à angkasa
ngipi à ngimpi
upama à umpama
sisot à singsot
(3) Paragog (wuwuh wasana) tegesipun tambah ing perangan wingking.
ora à orak
ibu à ibuk
dudu à duduk
sudi à sudik
nganti à ngantik
b. Panyudaning Swanten
Panyudaning swanten ing sawijining tembung saged kaperang dados tiga aferesis, sinkop, lan apokop. Supados para pamaos gampil anggenipun ngemut-emut, tigang prastawa kalawau kula sebat kemawon mawi istilah/tetembungan sirna purwa, sirna madya, lan sirna wasana (sirna wekas).
(1) Aferesis (sirna purwa) tegesipun suda ing perangan ngajeng.
kakang à kang
uwong à wong
bapak à pak
simbah à mbah
Tembung madya saged kagolongaken aferesis (sirna purwa) amargi tembung madya menika racakipun asalipun saking tembung wetah ingkang namung dipunpendhet saperangan kemawon. Upaminipun:
panjenengan à njenengan
dhateng à teng
mangga à engga / ngga
(2) Sinkop (sirna madya) à suda tengah
sethithik à sithik
tenanan à tenan
njaluk à njuk
dhuwit à dhit
weneh à weh
(3) Apokop (sirna wasana/wekas) tegesipun suda ing perangan wingking.
temenan à temen
mbakyu à mbak
dhimas à dhi
kangmas à kang
c. Gesehing Swanten
Gesehing swanten saged kaperang dados kalih metatesis lan disimilasi. Supados langkung gampil kula sebat kemawon mawi tembung lira-liru (liru panggonan kangge metatesis; lan liru swanten kangge disimilasi).
(1) Metatesis inggih menika lira-liruing panggenan/dumunungipun swanten.
wira-wiri à riwa-riwi
sruput à srutup
tholo à lotho
bejad à jebad
perlu à prelu
(2) Disimilasi inggih menika lira-liruning swanten, tegesipun swanten ingkang sami ing satunggal tembung lajeng dipungantos kaliyan swanten sanesipun. Tuladhanipun:
lara-lara à lara lapa
rara ireng à lara ireng
sajjana à sarjana
citta à cipta
bangbang à bambang
Kajawi menika ugi wonten variasi bebas inggih menika mujudaken lira-liruning swanten tanpa ngewahi suraosing tembung. Upaminipun antawisipun swanten / b / lan / w /; / d / lan / t /; saha / k / lan / g /.
bulan à wulan
bengi à wengi
bae à wae
dakjupuk à takjupuk
dakkeplak à takkeplak
daktuku à taktuku
kegedhen à gegedhen
kejlungup à gejlungup
keblondrok à geblondrok
Ingkang awujud vokal / a / à / e / :
takon à tekon
takok à tekok
lanang à lenang
Tidak ada komentar:
Posting Komentar