BAB III
KEGIATAN BELAJAR II
WIDYA TEMBUNG
A. Kompetensi dan Indikator
Kompetensi dhasar (kasagedan baku) ingkang jumbuh kaliyan babagan widya tembung inggih menika kompetensi dhasar mirengaken, maos, micara, lan ugi nyerat. Widya tembung gegayutan kaliyan kompetensi dhasar mirengaken jalaran nalika Panjenengan mirengaken menapa kemawon, upaminipun mirengaken cariyos, pawartos, iklan, sesorah (pidhato), sandiwara, sekar, lan mirengaken geguritan, sadaya wau mbetahaken kawruhing widya tembung lan pangrimbaging tembung. Kanthi nguwaosi widya tembung Panjenengan saged mangertosi maknanipun tembung-tembung, lan mangertosi isinipun cariyos, pawartos, iklan, sesorah (pidhato), sandiwara, sekar, lan geguritan ingkang Panjenengan mirengaken.
Widya tembung gegayutan kaliyan kompetensi dhasar maos jalaran nalika Panjenengan maos menapa kemawon, kangge mangertosi suraosipun waosan, sadaya wau ugi mbetahaken kawruhing widya tembung. Kanthi nguwaosi widya tembung Panjenengan saged maos kanthi swantenipun tembung ingkang leres, intonasi ingkang pas, lan langkung gampil mangertosi isinipun waosan ingkang katemben Panjenengan waos.
Widya tembung gegayutan kaliyan kompetensi dhasar micara jalaran nalika Panjenengan micara menapa kemawon, kadosta micara piyambakan (monolog) menapa pagineman utawi pacelathon (dialog), nyariyosaken malih isinipun ceramah/waosan/prastawa ingkang aktual kangge nyebaraken suraosipun wicantenan, lan sesorah (pidhato, medhar sabda), sadaya wau ugi mbetahaken kawruhing widya tembung. Kanthi nguwaosi widya tembung Panjenengan saged micara kanthi milih lan ngginakaken tembung-tembung ingkang trep pangrimbagipun, ingkang pas maknanipun, lan kanthi makaten pangandikan Panjenengan langkung gampil dipunmangertosi isinipun dening tiyang sanes ingkang katemben mirengaken pangandikan Panjenengan.
Widya tembung gegayutan kaliyan kompetensi dhasar nyerat (nganggit) jalaran nalika Panjenengan nyerat (nganggit) menapa kemawon, kadosta nyerat pengalaman pribadi, nyerat wara-wara (pengumuman), nyerat cariyos (crita cekak), nyerat karangan deskriptif, naratif, ekspositorik, argumentatif, lan persuasif; samanten ugi nyerat serat, sadaya wau ugi mbetahaken kawruhing widya tembung, sae tembung lingga menapadene tembung andhaahan. Kanthi nguwaosi widya tembung Panjenengan saged nyerat kanthi tembung-tembung ingkang sae lan trep lan seratan/anggitan Panjenengan langkung gampil dipunmangertosi isinipun dening tiyang sanes ingkang katemben maos seratan Panjenengan.
B. Uraian Materi
Widya tembung tegesipun ilmu ingkang ngrembag lan nyinau bab tembung lan pangrimbaging tembung. Widya tembung miturut RDS Hadiwidjana (1967) sinebat titi tembung, utawi ing ilmu linguistik kawastanan morfologi basa Jawi. Tembung wonten ing basa Jawi saged kaperang dados kalih, adhedhasar wujud lan jinisipun.
- Wujudipun Tembung
Adhedhasar wujudipun, tembung basa Jawi kaperang dados sekawan, inggih menika (1) tembung lingga, (2) tembung andhahan, (3) tembung rangkep, (4) tembung camboran (Sry Satriya Tjatur Wisnu Sasangka, 2008:38).
- Tembung Lingga
Tembung lingga utawi kata asal (kata dasar) inggih menika tembung ingkang taksih wetah ingkang dereng pikantuk imbuhan menapa-menapa. Tembung lingga wonten ingkang dumados saking sawanda, kalih wanda, tigang wanda, utawi sekawan wanda. Tuladhanipun makaten:
sawanda | kalih wanda | tigang wanda | sekawan wanda |
gong bom las tik lan cet ing | cara basa Jawi raos tresna sanget dalah guru jumbuh | budaya majalah gubernur tuladha manawi rekasa kulina kapiran padharan mustaka | wicaksana |
- Tembung Andhahan
Tembung andhahan (kata jadian) inggih menika tembung ingkang sampun ewah saking lingganipun amargi kawuwuhan imbuhan. Imbuhan (afiks) basa Jawi wujudipun wonten sekawan, inggih menika ater-ater (awalan, prefiks), seselan (sisipan, infiks), panambang (akhiran, sufiks), lan imbuhan sesarengan (konfiks).
1) Ater-ater
Ater-ater menika imbuhan ingkang dunungipun wonten ing kiwanipun tembung utawi ing ngajeng tembung. Ater-ater basa Jawi menika cacahipun kathah, inggih menika ater-ater anuswara, ater-ater a-, ka-, ke-, di-, sa-, pa anuswara-, pi-, pri-, pra-, tar-, kuma-, kami-, lan kapi-. Ater-ater menika panyeratipun tansah sumambung utawi kedah gandheng kaliyan tembung lingganipun.
2) Seselan
Seselan utawi sisipan (infiks) inggih menika imbuhan ingkang kapapanaken ing tengahing tembung. Seselan ing basa Jawi namung wonten sekawan, inggih menika -um-, -in-, -el-, lan -er-.
3) Panambang
Panambang utawi akhiran (sufiks) inggih menika imbuhan ingkang dumunung ing wingking tembung. Panyeratipun kedah sumambung rapet kaliyan tembung ingkang wonten ing sisih kiwanipun lan mboten kenging kapisah. Panambang ing basa Jawi wujudipun inggih menika i-, a-, e-, en-, an-, na-, ana-, ane-, lan ake-.
4) Imbuhan Sesarengan
Imbuhan sesarengan (konfiks) inggih menika imbuhan ingkang awujud ater-ater (prefiks) lan panambang (sufiks) ingkang dipuntambahaken ing tembung lingga kanthi sesarengan. Imbuhan menika kaperang dados kalih, imbuhan sesarengan rumaket lan imbuhan sesarengan renggang.
Cobi tembung andhahan ing tabel ngandhap menika Panjenengan andharaken (udhal) miturut pangrimbagipun tembung.
macul nutup ngeplak nyambel mbalang ndhupak ngelas ateges maguru mertamba mangidul katulis kautus kesiram kobong diwulang dipundhahar sagelas penget pawarta pamriksa piandel pratandha pribumi tartamtu kumawani | mudhun matur kuminter gumagus ingatur ginambar krelap grandhul klepyur tliti | tambani pijeti balia takona parine wajike astanipun tindakipun kancane pancinge suduken tutupen isinen gawanen duduten kreminen kancingan jogedan jupukna kandhakna takokna kandhanana talenana talenane jiwitane gawakake tulisake sarekaken serataken | kabledhosan karaharjan keciliken keminggiren pasuketan paguyuban padesan prajanjen mlumpati njiwiti nglungguhi nyuguhi mulanga ndhagela nggambara nyabranga mbalangake njupukake nglamarake nyilihake mbundhelana nulisana ngeplakana nyedhakana mlakune njupuke nglumpuke nyulape dijupuki diwulanga dikandhanana digarapake ginambaran sinambungake tinangisana sumingkira sakesele |
c. Tembung Rangkep
Tembung rangkep utawi reduplikasi basa Jawi cacahipun wonten tiga, inggih menika dwipurwa, dwilingga, lan dwiwasana.
1) Dwipurwa
Dwipurwa menika tembung ingkang dumados saking pangrangkepipun purwaning tembung lingga utawi pangrangkepipun wanda kawitane tembung. Tuladha:
bungah à bubungah à bebungah
lara à lalara à lelara
pangan à mangan à mamangan à memangan
gambar à nggambar à nggagambar à nggegambar
Dwipurwa saged ndhapuk tembung lingga dados tembung aran utawi tembung kriya kados tuladha ing ngandhap menika.
reged à rereged
wadi à wewadi
resik à reresik
suci à sesuci
2) Dwilingga
Dwilingga inggih menika tembung lingga ingkang dipunrangkep. Pangrangkepipun tembung lingga menika wonten ingkang karangkep wutuh lan ugi wonten ingkang karangkep mawi ewah-ewahan swanten. Tuladhanipun dwilingga:
celuk à celuk-celuk
watuk à watuk-watuk
Tembung lingga ingkang dipunrangkep padatan ngemu teges: (i) kathah (pluralitas), (ii) nyangetaken suraosipun (penekanan), (iii) sanadyan (pengandaian), (iv) tansah utawi wongsal-wangsul (kebiasaan). Cobi menapa tegesipun tembung rangkep ing ukara ngandhap menika?
(1) Bocah-bocah dolanan ing lapangan.
(2) Kowe ora pareng bengok-bengok.
(3) Gering-gering ning rak pinter.
(4) Piye ta aku iki kok lali-lali wae.
Wonten tembung ingkang wujudipun memper kaliyan tembung dwilingga, nanging sejatosipun boten kalebet tembung dwilingga. Tembung makaten wau kawastanan tembung dwilingga semu, tuladhanipun:
alun-alun anting-anting
ondhe-ondhe unyeng-unyeng
Dwilingga ingkang pikantuk panambang –an saged ngemu teges (i) samidene (resiprokal), (ii) mbandhingaken (pembandingan), (iii) boten saestu-estu utawi namung dolanan/ethok-ethok. Tuladhanipun:
(i) takon-takonan
jiwit-jiwitan
tendhang-tendhangan
(ii) ayu-ayunan
bagus-bagusan
pinter-pinteran
(iii) montor-montoran
sepur-sepuran
omah-omahan
3) Dwilingga Salin Swara
Dwilingga salin swara inggih menika tembung lingga ingkang karangkep mawi ewah-ewahan swanten. Upaminipun: tokan-takon, wotak-watuk, celak-celuk; dhuran-dhuren, montar-montor, klomba-klambi, lan sapanunggalanipun. Tembung lingga ingkang karangkep mawi ewah-ewahan swanten menika ngemu teges (i) akeh/kathah (pluralitas) lan (ii) bola-bali/wongsal-wangsul <lingga> utawi tansah <lingga>.
4) Dwiwasana
Dwiwasana menika tembung ingkang ngrangkep wanda wekasan utawi ngrangkep wasananipun tembung. Tuladhanipun:
cingak à cingakngak à cingangak à cengingak
cenges à cengesnges à cengenges
cengis à cengisngis à cengingis
d. Tembung Camboran
Tembung camboran utawi kata majemuk (kompositum) inggih menika tembung kalih utawi langkung ingkang dipungandheng dados setunggal lan tembung wau dados tembung enggal ingkang lajeng ugi gadhah teges enggal. Tuladhanipun:
lareangon ‘aranipun sawer’
dawa tangane ‘clemer’
semar mendem ‘aranipun dhaharan kadamel saking ketan’
Tembung camboran saged dipunperang dados kalih, inggih menika camboran wutuh lan camboran tugel.
1) Camboran Wutuh
Tembung camboran wutuh inggih menika tembung camboran ingkang dumados saking tembung-tembung ingkang taksih wetah. Tuladhanipun :
dhadha menthok gantung siwur
raja lele randha royal
Tembung camboran saged dipuntambahi imbuhan menapa kemawon. Mapanipun imbuhan wonten ing purwaning utawi pungkasaning tembung camboran. Tuladhanipun :
dhadha menthoke sanes *dhadhane menthok
randha royale sanes *randhane royal
disemarmendemake sanes *disemarake mendem
dinagasarekake sanes *dinagakake sari
2) Camboran Tugel
Camboran tugel inggih menika tembung camboran ingkang dumados saking tembung ingkang taksih wetah lan tembung wancahan, utawi sedaya tembungipun dumados saking tembung wancahan. Tuladha:
panastis à panas + atis
naksanak à anak + sanak
botrepot à abot + repot
lunglit à balung + kulit
dubang à idu + abang
Tembung camboran wonten ingkang tegesipun ewah babar pisan, wonten ingkang tegesipun mringkus (spesifik), wonten ingkang tegesipun nyangetaken (intensitas), wonten ugi ingkang tegesipun sanepan (kiasan).
(i) Tembung camboran ingkang tegesipun ewah sadaya
semar mendem ‘aranipun dhaharan saking ketan’
raja lele ‘araning uwos ingkang eca’
(ii) Tembung camboran ingkang tegesipun mringkus (spesifik)
klengkeng lanang ‘wit klengkeng ingkang boten nate awoh’
salak kembang ‘wit salak ingkang boten nate awoh’
wedhus kacang ‘menda ingkang boten saged ageng’
(iii) Tembung camboran ingkang tegesipun nyangetaken (intensitas)
ireng thuntheng ‘cemeng sanget’
peteng dhedhet ‘peteng sanget’
(iv) Tembung camboran ingkang tegesipun sanepan (kiasan)
nyolong pethek ‘mboten nginten / mboten nyana’
kembang lambe ‘dados pocapan’
gedhe endhase ‘umuk’
2. Jinising Tembung
Adhedhasar jinisipun tembung basa Jawi saged kaperang dados sadasa.
- Tembung aran (kata benda, nomina): watu, omah, kapinteran, kabudayan.
- Tembung kriya (kata kerja, verba): mbalang, mbalangi, mbalangake, dibalang, dibalangi, dibalangake, kajupuk, kepidak, sinawang.
- Tembung kaanan (kata sifat, adjektiva): drengki, mlarat, seneng, tentrem, gedhe.
- Tembung katrangan (kata keterangan, adverbia): arep, durung, uwis, lagi, ora, prayogane.
- Tembung sesulih (kata ganti, pronomina): kula, panjenengan, piyambakipun, iki, kuwi.
- Tembung wilangan (kata bilangan, numeralia): siji, sepuluh, kapisan, kapindo, seprapat.
- Tembung panggandheng (kata penghubung, konjungsi): jalaran, sarta, uga, sawise, nadyan.
- Tembung ancer-Ancer (kata depan, preposisi): dening, dhateng, dhumateng, ing.
- Tembung panyilah (kata sandhang, artikula): para, sang, si.
- Tembung panyeru (kata seru, interjeksi): wah, aduh, ta, mbok, lha, lho, kok, thik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar