Liana Arum Purwitasari

tanpa tanda jasa
SELAMAT DATANG DI BLOG LIANA ARUM PURWITASARI

Rabu, 25 Januari 2012

SERAT TRIPAMA


SERAT TRIPAMA

1.      Yogyanira kang para prajurit,
Lamun bisa sami anuladha,
Kadya nguni caritane,
Andelira sang prabu,
Sasrabau ing Maespati,
Aran Patih Suwanda,
Lelabuhanipun,
Kang ginelung triprakara,
Guna kaya purun ingkang den antepi,
Nuhoni trah utama

2.      Lire lelabuhan triprakawis,
Guna bisa saneskareng karya,
Binudi dadi unggule,
Kaya sayektinipun,
Dhuk bantu prang Manggada nagri,
Amboyong putri dhomas,
Katur ratunipun,
Purune sampun tetela,
Aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda matengrana





3.      Wonten malih tuladhan prayogi,
Satriya gung nagari Ngalengka,
Sang Kumbakarna arane,
Tur iku warna diyu,
Suprandene nggayuh utami,
Wiwit dhuk prang Ngalengka,
Dennya darbe atur,
Mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
De mung mungsuh wanara

4.      Yogya malih kinarya palupi,
Suryatmaja Sang Narpati Karna,
Lan Pandhawa tur kadange,
Len yayah tunggil ibu,
Suwita mring Sri Kurupati,
Aneng nagri Ngastina,
Kinarya gul-agul,
Manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadeken senapati,
Ngalaga ing Korawa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar