a. Panambahing Swanten
Panambahing swanten ing sawijining tembung saged kaperang dados tiga protesis, epentesis, lan paragog. Supados para pamaos gampil anggenipun ngemut-emut, tigang prastawa kalawau kula sebat kemawon mawi istilah/tetembungan wuwuh purwa, wuwuh madya, lan wuwuh wasana.
(1) Protesis (wuwuh purwa) tegesipun tambah ing perangan ngajeng.
nanging à ananging
jare à ujare
ana à nana
ing à ning
adi à hadi
(2) Epentesis (wuwuh madya) tegesipun tambah ing perangan tengah.
kambil à krambil
akasa à angkasa
ngipi à ngimpi
upama à umpama
sisot à singsot
(3) Paragog (wuwuh wasana) tegesipun tambah ing perangan wingking.
ora à orak
ibu à ibuk
dudu à duduk
sudi à sudik
nganti à ngantik
b. Panyudaning Swanten
Panyudaning swanten ing sawijining tembung saged kaperang dados tiga aferesis, sinkop, lan apokop. Supados para pamaos gampil anggenipun ngemut-emut, tigang prastawa kalawau kula sebat kemawon mawi istilah/tetembungan sirna purwa, sirna madya, lan sirna wasana (sirna wekas).
(1) Aferesis (sirna purwa) tegesipun suda ing perangan ngajeng.
kakang à kang
uwong à wong
bapak à pak
simbah à mbah
Tembung madya saged kagolongaken aferesis (sirna purwa) amargi tembung madya menika racakipun asalipun saking tembung wetah ingkang namung dipunpendhet saperangan kemawon. Upaminipun:
panjenengan à njenengan
dhateng à teng
mangga à engga / ngga
(2) Sinkop (sirna madya) à suda tengah
sethithik à sithik
tenanan à tenan
njaluk à njuk
dhuwit à dhit
weneh à weh
Tidak ada komentar:
Posting Komentar